Showing posts with label Wayang Bahasa Jawa. Show all posts
Showing posts with label Wayang Bahasa Jawa. Show all posts

Jan 28, 2017

Arjuna Janaka



Ing jagad ora ana tandhingane bab kebagusane, amarga Janaka minangka simbol amal becik. Amal becik ora bisa pisah klawan swarga (Jannah). Janaka saka tembung jannahuka, tegese swargamu. Mula sapa sing kepengin mlebu swarga, kudu tumindak becik lan nindakake tuntunaning agama kanthi temen. Arjuna satriya digdaya sekti mandraguna, polatan luruh jatmika, prigel ing samubarang, seneng tetulung marang sapa bae, mula ditresnani dening sapa bae. Ora mokal yen garwane pirang – pirang. 


Jan 27, 2017

Leluhur Pandawa


Ana sawatara versi cerita bab sapa leluhure Pandawa lan Kurawa. Ana sing ngandharake yen iku Bharata, putrane Prabu Duswanta lan Dewi Sakhuntala. Mula, Pandawa lan Kurawa uga sinebut darah Bharata. Crita liya nyebutake yen kang nurunake iku Bambang Bremani, putrane Bathara Brama kang dhaup karo Dewi Srihunon, putrane Bathara Wisnu. Bremani banjur peputra Bambang Parikenan lan Parikenan peputra Manumayasa. Manumayasa iku satriya linuwih, kinasihan ing Bathara Guru.Nalika semana ngarcapada, nadyan wis akeh manungsane, kahanane durung tumata. Mula Bathara Guru ngersakake mranata kahananing para titah iku. Banjur miji para dewa. Sang Hyang Kanekaputra matur yen ngarcapada kudu ana kang mimpin. Nanging sapa?. Miturut Bathara Kanekaputra, ora ana liya maneh kejaba ya mung Manumayasa iku. Bathara Guru sarujuk, nanging isih sumelang. Yen mung Manumayasa dhewe kang ditugasi, apa bakal bisa ngleksanakake jejibahane kanthi becik?. Sawise rembugan sawatara suwene, Bathara Guru lan Kanekaputra sarujuk ngutus Sang Hyang Ismaya melu tumurun marang ngarcapada ngancani Manumayasa. Yen ana pewayangan, Bathara Ismaya kuwi jenenge sing luwih populer Semar. Maune uga salah sawijining dewa kang dedunung ing kahyangan. Wiwit dina kuwi Ismaya kadhawuhan tumurun ing ngarcapada kanthi tugas ngemong Manumayasa nganti saanak-turune besuk, amarga anak-turune Manumayasa iku wis dipesthekake dening jawata bakal dadi pemimpine para manungsa, pemimpin kang kudu njejegake kautaman.

Supaya anak-turune Manumayasa tansah bisa lumaku ing garis kautaman, Ismaya kudu tlaten ngemong. Kudu tansah ngelikake yen ana kang arep nalisir saka bebener. Sabanjure Semar mapan ing Karangdhempel (uga ana kang ngarani Klampis Ireng). Dene Manumayasa banjur yasa padhepokan ing Wukir Retawu. Semar kerep sowan menyang Retawu, prasasat meh saben dina. Sawise sawatara taun Manumayasa lan Ismaya manggon ana ngarcapada, Bathara Guru lan Bathara Narada bali ngrembug bab Manumayasa lan Ismaya. Pamanggihe Bathara Guru, Manumayasa kudu duwe sisihan supaya duwe keturunan kang besuk dadi pemimpine bangsa manungsa. Mula, wanita kang dadi sisihane Manumayasa iku aja mung sembarang wanita, ning kudu wanita sing duwe pribadi luhur, supaya bisa nurunake anak-anak kang uga becik pakartine.

Jan 18, 2017

LAKON PETRUK DADI RATU





Petruk kang dadi Ratu anyar penegen ngedekake negara anyar . deweke pengen ngobrak ngabrik Ngamarta, nanging sadurunge sowan maring Prabu kresna Gathotkaca matur yenpetruk ngosak-ngasik ngamarta. Sak drunge kuwi wrekudara matur karo kakangekresna yen jimat kalimasada ilang ora reti parane, kresna duka lan di ireh-ireh baladewa.

Ning sadurunge tekan ana ing negara Dorowati, Petruk kang anjelma dadi ratu mau dicegat Prabu Baladewa sing wis reti menawane Petruk arep anggempur negara Dorowati, nanging Prabu Baladewa kalah klawan Petruk.

Sidane Gendruwaraja teka amarga dijaluki tulung dening Semar lan Gendruwaraja ngerti manawane Prabu Tong Tong Sot mau kuwi jelmaane Petruk amarga gaman sing diduweni dening Petruk sing awale kuwi saka dheweke. Petruk kang njelma dadi Ratu mau sidane bisa dikalahake dening Gendruwaraja, lan jebul Petruk uga nyolong Jimat Kalimasadane Pandawa.Petruk njaluk ngapura lan mbalikake Jimat Kalimasada banjur digawa karo Gendruwaraja amarga arep diakon tapa 100 dina kanggo ngetaske alane.

Alkisah Abimanyu menderita sakit. Abimanyu adalah perantara, yang nantinya akan mewariskan dampar (tahta) Palasara, pendiri Astina, kepada Parikesit, anaknya. Bersamaan dengan sakitnya, pergilah ketiga wahyu yang dimilikinya, yakni wahyu Maningrat, yang menyebarkan benih keratuan, wahyu Cakraningrat, yang menjaga keberadaannya sebagai ratu, dan wahyu Widayat, yang melestarikan hidupnya sebagai ratu. Ketiga wahyu itu kemudian hinggap pada diri Petruk. Ia pun akhirnya dapat menjadi raja di negara yang dinamainya Lojitengara. Ia menggelari dirinya Prabu Wel-Geduwel Beh!. Untuk kukuh menjadi raja, ternyata ia membutuhkan damper kerajaan Astina, warisan Palasara. Petruk memerintahkan kepada kedua patihnya, Bayutinaya—titisan Anoman—dan Wisandhanu—titisan Wisanggeni, anak Arjuna--, untuk mencuri tahta Palasara itu. Kedua utusan itu berhasil membawa pulang tahta tersebut. Prabu Wel-geduwel Beh mencoba duduk di atasnya. Begitu duduk, ia pun terjungkal. Ia coba lagi berulangkali. Sang Prabu akhirnya menyerah dan memperoleh bisikan melalui penasihat kerajaan bahwa supaya tidak terjungkal, ia harus memperoleh boneka yang bisa dililing (dilihat dan ditimang). Petruk kembali menyuruh kedua utusannya, Bayutinaya dan Wisandhanu untuk mencari boneka yang dimaksud. Tanpa memperoleh rintangan yang berarti, kedua utusannya berhasil membawa boneka itu yang tak lain adalah Abimanyu yang sedang sakit. Ketika dipangku Prabu Wel-Geduwel Beh, Abimanyu sembuh. Dan Abimanyu berkata, "Kamu takkan bisa menduduki tahta itu, jika kamu tidak memangku aku". "Pada saat itulah saya mengalami, bahwa saya ini hanyalah kawula. Dan saya sadar, saya akan tetap tinggal sebagai kawula, tak mungkinlah saya bisa duduk sebagai raja. Tugas saya hanyalah memangku raja, agar ia dapat menduduki tahtanya. Tuanku Abimanyu dapat duduk di tahta raja karena saya memangkunya. Jadi raja itu takkan bisa menjadi raja, kalau tidak dipangku kawula, rakyat jelata seperti saya ini", kata Petruk sambil memandang tanah datar di hadapannya.

Mar 19, 2016

Ramayana Anoman Obong


Dewi Shinta wis kelakon didhusta dening Prabu Rahwana/Dasamuka menyang kraton Alengkadiraja. Dewi Shinta dipapanake ing taman Kaputren. Ing taman, Dewi Shinta ora doyan mangan lan ora donyan ngombe. Awake kuru aking, rambute dawa nggimbal ora digelung amarga wis suwe ora adus. Kabeh mau ditindakake supaya Rahwana wegah nyedhaki dheweke. Kanggo njaga keslametane, menyang ngendi wae Dewi Shinta tansah nggawa cudrik/keris cilik. Samangsa-mangsa Prabu Rahwana teka arep ngrudapeksa, dheweke banjur ngancam arep nganyut tuwuh utawa bunuh diri.

Ing taman amung Dewi Trijatha sing bisa ngarih-arih lan bujuk Dewi Shinta supaya gelem mangan. Dewi Trijatha kui anake Gunawan Wibisana adhine Prabu Dasamuka dadi isih ponakane Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha kui rupane ayu lan polah tingkahe ora kasar kaya buta Alengka. Polah tingkahe lan solah bawane ora beda karo putri keraton liyane. Upama ora ana Trijatha, Dewi Shinta mesthi wis mati suduk sarira, Trijatha kasil ngarih-arih Dewi Shinta supaya ora lampus dhiri. Ora kacarita nelangsane Dewi Shinta ing tangane mungsuh. Dene Sri Ramawijaya kasil dadi ratu angratoni bangsane kethek saka kraton Guwa Kiskenda andhahane Sugriwa. Sawijining dina Sri Ramawijaya kirim utusan kethek putih aran Anoman. Anoman dinuta Sri Ramawijaya supaya nggolek sisik melik ing ngendi lan kepriye kahanane Dewi Shinta.

Mar 7, 2016

Bima Bungkus


Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnaaken si bungkus. Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana. Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang kaderekaken repat punakawan.  “Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning Kanjeng Ibu Kunti…” Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi lakon.

Nov 8, 2015

Sadewa


Raden Sadewa (Sahadewa) putrane Prabu Pandhu lan Dewi Madrim. Satriya wuragile Pandhawa. Kembarane Raden Sadewa asmane Raden Nakula. Wujude Nakula lan Sadewa kembar, kembar rupa, swara, lan busana.Nalika timure, Raden Sadewa kekasih Raden Tangsen, kasatriyane Sadewa ing Baweratalun (Bumiretawu).Sedulure beda ibu ana telu, yaiku : 1. Prabu Puntadewa, 2. Raden Wrekudara, 3. Raden Janaka. Puntadewa, Wrekudara, Janaka, Nakula, lan Sadewa, sinebut kadang Pandhawa, saka tembung linggane Pandhu lan hawa tegese putra Pandhu.

Nov 7, 2015

Nakula


Raden Nakula putrane Prabu Pandhu lan Dewi Madrim. Satriya sumendhining Pandhawa (kakang ragil). Kagungan rayi siji tunggal rama ibu, kekasihe Raden Sadewa. Wujude Nakula lan Sadewa, kembar. Kembar rupa, swara, lan busana.Nalika timure, Raden Nakula kekasih Raden Pinten, dene Raden Sadewa kekasih Raden Tangsen. Kasatriyane Raden Nakula ing Sawojajar.

Sedulure beda ibu ana telu, yaiku : 1. Prabu Puntadewa, 2. Raden Wrekudara, 3. Raden Janaka. Puntadewa, Wrekudara, Janaka, Nakula, lan Sadewa, sinebut kadang Pandhawa, saka tembung linggane Pandhu lan hawa tegese putra Pandhu.Manut layang Purwacarita, garwane Raden Nakula sesilih Dewi Srengganawati, putrane Sang Hyang Badhawanganala. Karo Dewi Srengganawati iki, Raden Nakula peputra siji sesilih Dewi Sri Tanjung.Manut layang Pustaja Raja, garwane Raden Nakula sesilih Dewi Suyati, putrane Prabu Kridhakerata, ratu ing Awuawulangit. Nakula klakon nggarwa Dewi Suyati sawise bisa ngalahake Indrakesata. Karo Dewi Suyati iki, Raden Nakula peputra loro, yaiku: Raden Pramusinta lan Dewi Pramuwati.
Wujude Raden Nakula satriya bagus, mbranyak pasemone. Watake jujur lan bekti marang sedulur tuwa.


Nov 6, 2015

Werkudara (Bima)


Werkudara iku putrane Prabu Pandhu Dewanata Ian Dewi Kunthi sing angka kalih. Werkudara iku titisane Bathara Bayu. Awit putra angka loro, mula Werkudara uga sinebut putra panenggaking Pandhawa. Sesebutan liyane Bratasena, Bimasena, Haryasena, Bayusiwi, Jagal Abilawa, Kusumadilaga, Jayalaga. Kastriyane ing Jodhipati utawa Tunggul Pamenang.

Garwane telu aran Dewi Nagagini, Dewi Arimbi, Ian Dewi Urangayu. Karo Dewi Nagagini, 'peputra Raden Antareja. Karo Dewi Arimbi, peputra Raden Gathutkaca: Karo Dewi Urangayu, peputra Raden Antasena.
Raden Werkudara duwe pusaka aran Kuku Pancanaka, Gada Rujakpala, Ian Gada Lambita¬muka. Aji-ajine Bandung Bandawasa, Ungkal bener, Blabag Pengantol-antol, Bayu Bajra.

Kacarita laire Bratasena. Nalika bayi lair awujud bungkus. Kabeh gegaman ora tumama. Kang bisa mbedhah bungkus mung Gajah Sena. Bareng wis bedhah, bayi diidak-idak, ditlale, digadhing malah saya gedhe. Gajah Sena ditamani kuku Pancanaka, mati sanalika. Suksmane nyawiji karo Bratasena.
Bratasena utawa Werkudara iku ora bisa basa marang sapa wae. Dadi yen micara tansah ngoko. Sing dibasani mung Sanghyang Wenang lan Dewa Ruci. Sanajan mangkono Werkudara duwe watak setya tuhu marang guru, bekti marang ibu, teguh ing janji, bela bebener, mbrastha angkara, dhemen tetulung, tresna marang kadang, adil. Watak setya marang guru, dituduhake nalika dheweke diutus dening gurune Pendhita Durna goleh banyu Perwitasari ing tengah alas ing telenging segara. Kang sajatine Werkudara dialap patine, dijlomprongake. Nanging amarga setya bekti marang guru. Werkudara malah antuk nugraha, bisa ketemu marang guru sejati (Dewa Ruci), kang mahanani Werkudara bisa pinter tanpa guru maneh.

Nov 5, 2015

Putradewa (Yudistira)


Prabu Puntadewa iku ratu ing Amarta (Ngamarta), Dasanamane : Prabu Yudhistira, Darmakusuma, Darmaputra, Darmawangsa, Darmaraja, Gunatalikrama, Sadha Dwijakangka, Sang Ajathasatru.
Garwane asma Dewi Drupadi, mbakyune dewi Wara Srikandhi, putrane Prabu Drupada saka Negara Pancala. Saka Sang Prameswari Dewi Drupadi iki, Prabu Puntadewa peputra kakung siji, kekasih Raden Pancawala.

Prabu Puntadewa ratu watak pandhita. Watake sabar lan ikhlas, lila donya lila ing pati. Apa bae barang darbeke, yen ana sing njaluk mesthi diparingake. Nadyan segenge pisan yen ana sing njaluk, mesthi dililakake. Sajake urip ora tau ngapusi (goroh) lan ora nate perang. Sanadyan dipeksa dening Prabu Kresna supaya kersa goroh kanggo kemenangane Pandhawa, nalikane Pandhita Drona jumeneng Mahasenapati ing perang Bharatayuda, Prabu Puntadewa tetep ora kersa. Prabu Puntadewa tetep ngendika jujur, “ingkang pejah Hesthitama”. Mung olehe ngendika “Hesthi” lirih, “Tama”ne banter. Satemah dadi jalaran Pandhita Drona bingung, lan bisa dipateni dening Raden Trusthajumena.
Amarga saking banget ngati –atine, ora kersa gawe seriking liyan, lan ora kersa goroh, mula Prabu Puntadewa digambarake wong sing ludirane seta. Saking sucine uripe.

Pusakane Prabu Puntadewa wujud kitab/buku, jenenge Layang Kalimasada Pustaka Jamus. Prabu Salya klakon seda ing paprangan merga pusaka iki. Kejaba iku, pusaka liyane wujud tumbak lan payung, jenenge tumbak Karawilang lan payung Tunggulnaga.

Prabu Puntadewa iku ajejalok Yudistira iya prabu Dwijakangka utawa sinebut uga Prabu Gunatalikrama. Prabu Puntadewa kagungan pusaka arane jimat kalimasada. Prabu Puntadewa kena diarani manungsa setengah dewa. Geneya Prabu Puntadewa diarani setengah dewa amarga Prabu Puntadewa kagungan ciri-ciri kaya Dewa, kayata Getihe putih, Sipate sabar, ora kagungan mungsuh, lan tansah tresna marang karukunan.

Nov 2, 2015

Srenggana Srenggini


Dewi Srenggana dan Dewi Srenggini iku anake kembar Resi Badawanganala ing pertapan Sumur Upas lan sisihane sing jenenge Dewi Srunggagini. Ing jagad pedhalangan putri loro kembar iki sinebut Dewi Srengganawati lan Dewi Srengginiwati.Dewi Srengganawati dhaup lan Naluka, nurunake Dewi Sritanjung. Dewi Srengginiwati dhaup lan Sahadewa, nurunake Bambang Widapaksa utawa Sidapaksa. Ing lakon Dhaupe Nakula Sahadewa dicritakake saka kawitan malih rumape Bathari Durga dadi Dewi Kunti.

Bathari Durga sing njilma wujud Dewi Kunti iku banjur andon wasis lan andon ilmu bab sejatining lanang, sejatining wadon kalawan Sahadewa. Sawise dibabar kabeh, Dewi Kunti daden-daden iku banjur njaluk saresmi kalawan Sahadewa.Ananging Sahadewa nampik pepenginane Dewi Kunti daden-daden iku amarga kelingan yen Dewi Kunti iku ibune. Dewi Kunti daden-daden tetep meksa pengin saresmi kalawan Sahadewa, ananging Sahadewa milih mlayu ninggalake. Dewi Kunti daden-daden banjur nyuwek sandhangane lan wadul marang Werkudara.Bima dadi lan nesune nalika weruh kaanane Dewi Kunti (daden-daden iku). Luwih-luwih sawise ngerti yen suweke sandhangane iku amarga pokale Sahadewa. Tanpa suka kalodhangan tumrap Sahadewa kanggo njlentrehake apa sing kedaden satemene, Bima banjur ngajar Sahadewa sakkatoge. Sahadewa uga banjur diguwang ing Sumur Upas engga nemahi pati.

Sawijining dina, Dewi Srenggana dan Dewi Srenggini ngimpi dadi sisihane ragile Pandhawa, yaiku si kembar Nakula dan Sahadewa. Sahadewa sing ditemokake mati banjur diuripake maneh dening Resi Badawanganala.
Sawise takon tinakokan kalawan Sahadewa, Resi Badawanganala banjur nemokake Sahadewa kalawan anake wadon. Sahadewa arep dijodhokake kalawan salah sijine anake kembar iku. Putri kembar anake Badawanganala ora kabotan waton Sahadewa bisa napsirake ilmu sejatining lanang, sejatining wadon.