Darmagandhul
Carita adege nagara Islam ing
Demak bedhahe nagara Majapahit kang salugune wiwite wong Jawa ninggal agama
Buddha banjur salin agama Islam.
* * *
Gancaran basa Jawa ngoko;
Babon asli tinggalane KRT Tandhanagara, Surakarta;
Cap-capan ingkang kaping sekawan, 1959;
Toko Buku “Sadu-Budi” Sala.
* * *
BEBUKA
Sinarkara sarjunireng galih, myat carita dipangiketira, kiyai Kalamwadine, ing
nguni anggeguru, puruhita mring Raden Budi, mangesthi amiluta, duta rehing
guru, sru sêtya nglampahi dhawah, panggusthine tan mamang ing lair batin,
pinindha lir Jawata.
Satuduhe Raden Budi ening, pan ingembun pinusthi ing cipta, sumungkem lair
batine, tan etung lebur luluh, pangesthine ing awal akhir, tinarimeng Bathara,
sasedyanya kabul, agung nugraheng Hyang Suksma, sinung ilham ing alam sahir
myang kabir, dumadya auliya.
Angawruhi sasmiteng Hyang Widdhi, pan biyasa mituhu susetya, mring dhawuh
weling gurune, kedah medharken kawruh, karya suka pireneng jalmi, mring sagung
ahli sastra, tuladhaning kawruh, kyai Kalamwadi ngarang, sinung aran srat
Darmagandhul jinilid, sinung tembang macapat.
Pan katemben amaos kinteki, tembang raras rum seya prasaja, trewaca wijang
raose, mring tyas gung kumacelu, yun darbeya miwah nimpeni, pinirit tinuladha,
lelepiyanipun, sawusnya winaos tamat, linaksanan tinedhak tinurun sungging,
kinarya nglipur manah.
Pan sinambi-sambi jagi panti, saselanira ngupaya tedha, kinarya cagak
lenggahe, nggennya dama cinubluk, mung kinarya ngarem-aremi, tarimanireng
badan, anganggur ngethekur, ngebun-bun pasihaning Hyang, suprandene tan kaliren
wayah siwi, sagotra minulyarja.
Wus pinupus sumendhe ing takdir, pan sumarah kumambang karseng Hyang, ing
lokhilmakful tulise, panitranira nuju, ping trilikur ri Tumpak manis, Ruwah Je
warsanira, Sancaya kang windu, masa Nem ringkêlnya Aryang, wuku Wukir
sangkalanira ing warsi: wuk guna ngesthi Nata [taun Jawa 1830].
DARMAGANDHUL
Ing sawijining dina Darmagandhul matur marang Kalamwadi mangkene “Mau-maune
kêpriye dene wong Jawa kok banjur padha ninggal agama Buddha salin agama
Islam?”
Wangsulane Ki Kalamwadi: “Aku dhewe iya ora pati ngrêti, nanging aku tau
dikandhani guruku, ing mangka guruku kuwi iya kêna dipracaya, nyaritakake
purwane wong Jawa padha ninggal agama Buddha banjur salin agama Rasul”.
Ature Darmagandhul: “Banjur kapriye dongengane?”
Ki Kalamwadi banjur ngandika maneh: “Bab iki satêmêne iya prêlu
dikandhakake, supaya wong kang ora ngrêti mula-bukane karêben ngrêti”.
Ing jaman kuna nagara Majapahit iku jênênge nagara Majalêngka, dene ênggone
jênêng Majapahit iku, mung kanggo pasêmon, nanging kang durung ngrêti
dêdongengane iya Majapahit iku jênêng sakawit. (1)
Ing nagara Majalêngka kang jumênêng Nata wêkasan jêjuluk Prabu Brawijaya.
Ing wêktu iku, Sang Prabu lagi kalimput panggalihe, Sang Prabu krama oleh
Putri Cêmpa, (2) ing mangka Putri Cêmpa mau agamane Islam, sajrone lagi
sih-sinihan, Sang Rêtna tansah matur marang Sang Nata, bab luruhe agama Islam,
sabên marak, ora ana maneh kang diaturake, kajaba mung mulyakake agama Islam,
nganti njalari katariking panggalihe Sang Prabu marang agama Islam mau.
Ora antara suwe kaprênah pulunane Putri Cêmpa kang aran Sayid Rakhmat tinjo
mênyang Majalêngka, sarta nyuwun idi marang Sang Nata, kaparênga anggêlarake
sarengate agama Rasul. Sang Prabu iya marêngake apa kang dadi panyuwune Sayid
rakhmat mau. Sayid Rakhmat banjur kalakon dhêdhukuh ana Ngampeldênta ing (3)
anggêlarake agama Rasul. Ing kono banjur akeh para ngulama saka sabrang kang
padha têka, para ngulama lan para maulana iku padhamarêk sang Prabu ing
Majalêngka, sarta padha nyuwun dhêdhukuh ing pasisir. Panyuwunan mangkono mau
uga diparêngake dening Sang Nata. Suwe-suwe pangidhêp mangkono mau saya
ngrêbda, wong Jawa banjur akeh bangêt kang padha agama Islam.
Sayid Kramat dadi gurune wong-wong kang wis ngrasuk agama Islam kabeh, dene
panggonane ana ing Benang (4) bawah Tuban. Sayid Kramat iku maulana saka ing
‘Arab têdhake Kanjêng Nabi Rasulu’llah, mula bisa dadi gurune wong Islam. Akeh
wong Jawa kang padha kelu maguru marang Sayid Kramat. Wong Jawa ing pasisir lor
sapangulon sapangetan padha ninggal agamane Buddha, banjur ngrasuk agama Rasul.
Ing Balambangan sapangulon nganti tumêka ing Bantên, wonge uga padha kelu
rêmbuge Sayid Kramat.
Mangka agama Buddha iku ana ing tanah Jawa wis kêlakon urip nganti sewu
taun, dene wong-wonge padha manêmbah marang Budi Hawa. Budi iku Dzate Hyang
Widdhi, Hawa iku karêping hati, manusa ora bisa apa-apa, bisane mung sadarma
nglakoni, budi kang ngobahake.
Sang Prabu Brawijaya kagungan putra kakung kang patutan saka Putri Bangsa
Cina, miyose putra mau ana ing Palembang, diparingi têtêngêr Raden Patah.
Barêng Raden Patah wis diwasa, sowan ingkang rama, nganti sadhereke seje
rama tunggal ibu, arane Raden Kusen. Satêkane Majalêngka Sang Prabu kewran
panggalihe ênggone arêp maringi sêsêbutan marang putrane, awit yen miturut
lêluri saka ingkang rama, Jawa Buddha agamane, yen nglêluri lêluhur kuna,
putraning Nata kang pambabare ana ing gunung, sêsêbutane Bambang. Yen miturut
ibu, sêsêbutane: Kaotiang, dene yen wong ‘Arab sêsêbutane Sayid utawa Sarib.
Sang Prabu banjur nimbali patih sarta para nayaka, padha dipundhuti têtimbangan
ênggone arêp maringi sêsêbutan ingkang putra mau. Saka ature Patih, yen miturut
lêluhur kuna putrane Sang Prabu mau disêbut Bambang, nanging sarehne ibune
bangsa Cina, prayoga disêbut Babah, têgêse pambabare ana nagara liya. Ature
Patih kang mangkono mau, para nayaka uga padha mupakat, mula Sang Nata iya
banjur dhawuh marang padha wadya, yen putra Nata kang miyos ana ing Palembang
iku diparingi sêsêbutan lan asma Babah Patah. Katêlah nganti tumêka saprene,
yen blastêran Cina lan Jawa sêsêbutane Babah. Ing nalika samana, Babah Patah
wêdi yen ora nglakoni dhawuhe ingkang rama, mulane katone iya sênêng, sênênge
mau amung kanggo samudana bae, mungguh satêmêne ora sênêng bangêt ênggone
diparingi sêsêbutan Babah iku.
Ing nalika iku Babah Patah banjur jinunjung dadi Bupati ing Dêmak, madanani
para bupati urut pasisir Dêmak sapangulon, sarta Babah Patah dipalakramakake
oleh ing Ngampelgadhing, kabênêr wayahe kiyai Agêng Ngampel. Barêng wis
sawatara masa, banjur boyong marang Dêmak, ana ing desa Bintara, sarta sarehne
Babah Patah nalika ana ing Palembang agamane wis Islam, anane ing Dêmak
didhawuhi nglêstarekake agamane, dene Raden Kusen ing nalika iku jinunjung dadi
Adipati ana ing Têrung (5), pinaringan nama sarta sêsêbutan Raden Arya
Pêcattandha.
Suwening suwe sarak Rasul saya ngrêbda, para ngulama padha nyuwun pangkat
sarta padha duwe sêsêbutan Sunan, Sunan iku têgêse budi, uwite kawruh kaelingan
kang bêcik lan kang ala, yen wohe budi ngrêti marang kaelingan bêcik, iku wajib
sinuwunan kawruhe ngelmu lair batin.
Ing wêktu iku para ngulama budine bêcik-bêcik, durung padha duwe karêp kang
cidra, isih padha cêgah dhahar sarta cêgah sare. sang Prabu Brawijaya kagungan
panggalih, para ngulama sarake Buddha, kok nganggo sêsêbutan Sunan, lakune isih
padha cêgah mangan, cêgah turu. Yen sarak rasul, sirik cêgah mangan turu, mung
nuruti rasaning lesan lan awak. Yen cêgah mangan rusak, Prabu Brawijaya uga
banjur paring idi. Suwe-suwe agama Rasul saya sumêbar. Ing wêktu iku ana nalar
kang aneh, ora kêna dikawruhi sarana netra karna sarta lesan, wêtune saka
engêtan, jroning utêk iku yen diwarahi budi nyambut gawe, kang maca lan kang
krungu nganggêp têmên lan ora, iya kudu ditimbang ing sabênêre, saiki isih ana
wujuding patilasane, isih kêna dinyatakake, mula saka pangiraku iya nyata.
Dhek nalika samana Sunan Benang sumêdya tindak marang Kadhiri, kang
ndherekake mung sakabat loro. Satêkane lor Kadhiri, iya iku ing tanah
Kêrtasana, kêpalangan banyu, kali Brantas pinuju banjir. Sunan Benang sarta
sakabate loro padha nyabrang, satêkane wetan kali banjur niti-niti agamane wong
kono apa wis Islam, apa isih agama Budi. Ature Ki Bandar wong ing kono agamane
Kalang, sarak Buddha mung sawatara, dene kang agama Rasul lagi bribik-bribik,
wong ing kono akeh padha agama Kalang, mulyakake Bandung Bandawasa. Bandung
dianggêp Nabine, yen pinuji dina Riyadi, wong-wong padha bêbarêngan mangan
enak, padha sênêng-sênêng ana ing omah. Sunan Benang ngandika: “Yen ngono wong
kene kabeh padha agama Gêdhah, Gêdhah iku ora irêng ora putih, tanah kene patut
diarani Kutha Gêdhah”.
Ki Bandar matur: “Dhawuh pangandika panjênêngan, kula ingkang nêkseni”.
Tanah saloring kutha kadhiri banjur jênêng Kutha Gêdhah, nganti têkane saiki
isih karan Kutha Gêdhah, nanging kang mangkono mau arang kang padha ngrêti
mula-bukane.
Sunan Benang ngandika marang sakabate: “Kowe goleka banyu imbon mênyang
padesan, kali iki isih banjir, banyune isih buthêk, yen diombe nglarani wêtêng,
lan maneh iki wancine luhur, aku arêp wudhu, arêp salat”.
Sakabate siji banjur lunga mênyang padesan arêp golek banyu, têkan ing desa
Pathuk ana omah katone suwung ora ana wonge lanang, kang ana mung bocah prawan
siji, wajah lagi arêp mêpêg birahi, ing wêktu iku lagi nênun. Sakabat têka
sarta alon calathune: “mBok Nganten, kula nêdha toya imbon bêning rêsik”. mBok
Prawan kaget krungu swarane wong lanang, barêng noleh wêruh lanang sajak kaya
santri, MBok Prawan salah cipta, pangrasane wong lanang arêp njêjawat, mêjanani
marang dheweke, mula ênggone mangsuli nganggo têmbung saru: “nDika mêntas liwat
kali têka ngangge ngarani njaluk banyu imbon, ngriki botên entên carane wong
ngimbu banyu, kajaba uyuh kula niki imbon bêning, yen sampeyan ajêng ngombe”.
Santri krungu têtêmbungan mangkono banjur lunga tanpa pamit lakune
dirikatake sarta garundêlan turut dalan, satêkane ngarsane Sunan Benang banjur
ngaturake lêlakone nalika golek banyu. Sunan Benang mirêng ature sakabate,
bangêt dukane, nganti kawêtu pangandikane nyupatani, ing panggonan kono
disabdakake larang banyu, prawane aja laki yen durung tuwa, sarta jakane aja
rabi yen durung dadi jaka tuwa, barêng kêna dayaning pangandika mau, ing
sanalika kali Brantas iline dadi cilik, iline banyu kang gêdhe nyimpang nrabas
desa alas sawah lan patêgalan, akeh desa kang padha rusak, awit katrajang
ilining banyu kali kang ngalih iline, kali kang maune iline gêdhe sanalika dadi
asat. Nganti tumêka saprene tanah Gêdhah iku larang banyu, jaka lan prawane iya
nganti kasep ênggone omah-omah. Sunan Benang têrus tindak mênyang Kadhiri.
Ing wêktu iki ana dhêmit jênênge Nyai Plêncing, iya iku dhêmit ing sumur
Tanjungtani, tansah digubêl anak putune, padha wadul yen ana wong arane Sunan
Benang, gawene nyikara marang para lêlêmbut, ngêndêl-êndêlake kaprawirane, kali
kang saka Kadhiri disotake banjur asat sanalika, iline banjur salin dalan kang
dudu mêsthine, mula akeh desa, alas, sawah sarta patêgalan, kang padha rusak,
iya iku saka panggawene Sunan Benang, kang uga ngêsotake wong ing kono, lanang
wadon ngantiya kasep ênggone omah-omah, sarta kono disotake larang banyu sarta
diêlih jênênge tanah aran Kutha Gêdhah, Sunan Benang dhêmêne salah gawe. Anak
putune Nyai Plêncing padha ngajak supaya Nyai Plêncing gêlêma nêluh sarta
ngrêridhu Sunan Benang, bisaa tumêka ing pati, dadi ora tansah ganggu gawe.
Nyai Plêncing krungu wadule anak putune mangkono mau, enggal mangkat mêthukake
lakune Sunan Benang, nanging dhêmit-dhêmit mau ora bisa nyêdhaki Sunan Benang,
amarga rasane awake padha panas bangêt kaya diobong. Dhêmit-dhêmit mau banjur
padha mlayu marang Kadhiri, satêkane ing Kadhiri, matur marang ratune,
ngaturake kahanane kabeh. ratune manggon ing Selabale. (6) Jênênge Buta Locaya,
dene Selabale iku dununge ana sukune gunung Wilis. Buta Locaya iku patihe Sri
Jayabaya, maune jênênge kiyai Daha, duwe adhi jênênge kiyai Daka. Kiyai daha
iki cikal-bakal ing Kadhiri, barêng Sri Jayabaya rawuh, jênênge kiyai Daha
dipundhut kanggo jênênge nagara, dheweke diparingi Buta Locaya, sarta banjur
didadekake patihe Sang Prabu Jayabaya.
Buta iku têgêse: butêng utawa bodho, Lo têgêse kowe, caya têgêse: kêna
dipracaya, kiyai Buta Locaya iku bodho, nanging têmên mantêp sêtya ing Gusti,
mulane didadekake patih. Wiwite ana sêbutan kiyai, iya iku kiyai daha lan kiyai
Daka, kiyai têgêse: ngayahi anak putune sarta wong-wong ing kanan keringe.
Jêngkare Sri Narendra anjujug ing omahe kiyai Daka, ana ing kono Sang Prabu
sawadya-balane disugata, mula sang Prabu asih bangêt marang kiyai Daka, jênênge
kiyai Daka dipundhut kanggo jênêng desa, dene kiyai Daka banjur diparingi
jênêng kiyai Tunggulwulung, sarta dadi senapatining pêrang.
Samuksane Sang Prabu Jayabaya lan putrane putri kang aran Ni Mas Ratu
Pagêdhongan, Buta Locaya lan kiyai Tunggulwulung uga padha muksa; Ni Mas Ratu
Pagêdhongan dadi ratuning dhêmit nusa Jawa, kuthane ana sagara kidul sarta
jêjuluk Ni Mas Ratu Anginangin. Sakabehe lêlêmbut kang ana ing lautan dharatan
sarta kanan keringe tanah Jawa, kabeh padha sumiwi marang Ni Mas Ratu
Anginangin.
Buta Locaya panggonane ana ing Selabale, dene kiyai Tunggulwulung ana ing
gunung Kêlut, rumêksa kawah sarta lahar, yen lahar mêtu supaya ora gawe
rusaking desa sarta liya-liyane.
Ing wêktu iku kiyai Buta Locaya lagi lênggah ana ing kursi kêncana kang
dilemeki kasur babut isi sari, sarta kinêbutan êlaring mêrak, diadhêp patihe
aran Megamêndhung, lan putrane kakung loro uga padha ngadhêp, kang tuwa arane
Panji Sêktidiguna, kang anom aran panji Sarilaut.
Buta Locaya lagi ngandikan karo kang padha ngadhêp, kaget kasaru têkane Nyai
Plêncing, ngrungkêbi pangkone, matur bab rusake tanah lor Kadhiri, sarta
ngaturake yen kang gawe rusak iku, wong saka Tuban kang sumêdya lêlana mênyang
Kadhiri, arane Sunan Benang. Nyai Plêncing ngaturake susahe para lêlêmbut sarta
para manusa.
Buta Locaya krungu wadule Nyai Plêncing mangkono mau bangêt dukane, sarirane
nganti kaya gêni, sanalika banjur nimbali putra-wayahe sarta para jin pêri
parajangan, didhawuhi nglawan Sunan Benang. Para lêlêmbut mau padha sikêp
gêgaman pêrang, sarta lakune barêng karo angin, ora antara suwe lêlêmbut wis
têkan ing saêloring desa Kukum, ing kono Buta Locaya banjur maujud manusa aran
kiyai Sumbre, dene para lêlêmbut kang pirang-pirang ewu mau padha ora ngaton,
kiyai Sumbre banjur ngadêg ana ing têngah dalan sangisoring wit sambi, ngadhang
lakune Sunan Benang kang saka êlor.
Ora antara suwe têkane Sunan Benang saka lor, Sunan Benang wis ora kasamaran
yen kang ngadêg ana sangisoring wit sambi iku ratuning dhêmit, sumêdya ganggu
gawe, katitik saka awake panas kaya mawa. Dene lêlêmbut kang pirang-pirang ewu
mau padha sumingkir adoh, ora bêtah kêna prabawane Sunan Benang. Mangkono uga
Sunan Benang uga ora bêtah cêdhak karo kiyai Sumbre, amarga kaya dene cêdhak
mawa, kiyai Sumbre mangkono uga.
Sakabat loro kang maune padha sumaput, banjur padha katisên, amarga kêna
daya prabawane kiyai Sumbre.
Sunan Benang andangu marang kiyai Sumbre: “Buta Locaya! kowe kok mêthukake
lakuku, sarta nganggo jênêng Sumbre, kowe apa padha slamêt?”.
Buta Locaya kaget bangêt dene Sunan Benang ngrêtos jênênge dheweke, dadi
dheweke kawanguran karêpe, wusana banjur matur marang Sunan Benang: “Kados
pundi dene paduka sagêd mangrêtos manawi kula punika Buta Locaya?”.
Sunan Benang ngandika: “Aku ora kasamaran, aku ngrêti yen kowe ratuning
dhêmit Kadhiri, jênêngmu Buta Locaya.”.
Kiyai Sumbre matur marang Sunan Benang: “Paduka punika tiyang punapa, dene
mangangge pating gêdhabyah, dede pangagêm Jawi. Kados wangun walang kadung?”.
Sunan Benang ngandika maneh: “Aku bangsa ‘Arab, jênêngku Sayid Kramat, dene
omahku ing Benang tanah Tuban, mungguh kang dadi sêdyaku arêp mênyang Kadhiri,
pêrlu nonton patilasan kadhatone Sang Prabu Jayabaya, iku prênahe ana ing
ngêndi?”.
Buta Locaya banjur matur: “Wetan punika wastanipun dhusun Mênang (9), sadaya
patilasan sampun sami sirna, kraton sarta pasanggrahanipun inggih sampun botên
wontên, kraton utawi patamanan Bagendhawati ingkang kagungan Ni Mas Ratu
Pagêdhongan inggih sampun sirna, pasanggrahan Wanacatur ugi sampun sirna,
namung kantun namaning dhusun, sadaya wau sirnanipun kaurugan siti pasir sarta
lahar saking rêdi Kêlut. Kula badhe pitaken, paduka gêndhak sikara dhatêng anak
putu Adam, nyabdakakên ingkang botên patut, prawan tuwa jaka tuwa, sarta ngêlih
nami Kutha Gêdhah, ngêlih lepen, lajêng nyabdakakên ing ngriki awis toya,
punika namanipun siya-siya botên surup, sikara tanpa dosa, saiba susahipun
tiyang gêsang laki rabi sampun lungse, lajêng botên gampil pêncaripun titahing
Latawalhujwa, makatên wau saking sabda paduka, sêpintên susahipun tiyang
ingkang sami kêbênan, lepen Kadhiri ngalih panggenan mili nrajang dhusun, wana,
sabin, pintên-pintên sami risak, ngriki paduka-sotakên, sêlaminipun awis toya,
lepenipun asat, paduka sikara botên surup, nyikara tanpa prakara”.
Sunan Benang ngandika: “Mula ing kene tak-êlih jênêng Kutha Gêdhah, amarga
wonge kene agamane ora irêng ora putih, têtêpe agama biru, sabab agama Kalang,
mula tak-sotake larang banyu, aku njaluk banyu ora oleh, mula kaline banjur
tak-êlih iline, kene kabeh tak sotake larang banyu, dene ênggonku ngêsotake
prawan tuwa jaka tuwa, amarga kang tak jaluki banyu ora oleh iku, prawan
baleg.”.
Buta Locaya matur maneh: “Punika namanipun botên timbang kaliyan sot
panjênêngan, botên sapintên lêpatipun, tur namung tiyang satunggal ingkang
lêpat, nanging ingkang susah kok tiyang kathah sangêt, botên timbang kaliyan
kukumipun, paduka punika namanipun damêl mlaratipun tiyang kathah, saupami
konjuk Ingkang Kagungan Nagari, paduka inggih dipunukum mlarat ingkang langkung
awrat, amargi ngrisakakên tanah, lah sapunika mugi panjênêngan-sotakên
wangsulipun malih, ing ngriki sagêda mirah toya malih, sagêd dados asil
panggêsangan laki rabi taksih alit lajêng mêncarakên titahipun Hyang Manon.
Panjênêngan sanes Narendra têka ngarubiru agami, punika namanipun tiyang
dahwen”.
Sunan Benang ngandika: “Sanadyan kok-aturake Ratu Majalêngka aku ora wêdi”.
Buta Locaya barêng krungu têmbung ora wêdi marang Ratu Majalêngka banjur
mêtu nêpsune, calathune sêngol: “Rêmbag paduka niki dede rêmbage wong ahli
praja, patute rêmbage tiyang entên ing bambon, ngêndêlake dumeh tiyang digdaya,
mbok sampun sumakehan dumeh dipunkasihi Hyang Widdhi, sugih sanak malaekat,
lajêng tumindak sakarsa-karsa botên toleh kalêpatan, siya dahwen sikara botên
ngangge prakara, sanadyan ing tanah Jawi rak inggih wontên ingkang nglangkungi
kaprawiran paduka, nanging sami ahli budi sarta ajrih sêsikuning Dewa, têbih
saking ahli budi yen ngantos siya dhatêng sêsami nyikara tanpa prakara, punapa
paduka punika tiyang tunggilipun Aji Saka, muride Ijajil. Aji Saka dados Ratu
tanah Jawi namung tigang taun lajêng minggat saking tanah Jawi, sumbêr toya ing
Mêdhang saurutipun dipunbêkta minggat sadaya, Aji Saka tiyang saka Hindhu,
paduka tiyang saking ‘Arab, mila sami siya-siya dhatêng sêsami, sami damêl
awising toya, paduka ngakên Sunan rak kêdah simpên budi luhur, damêl wilujêng
dhatêng tiyang kathah, nanging kok jêbul botên makatên, wujud paduka niki jajil
bêlis katingal, botên tahan digodha lare, lajêng mubal nêpsune gêlis duka, niku
Sunan napa? Yen pancen Sunaning jalma yêktos, mêsthi simpên budi luhur. Paduka
niksa wong tanpa dosa, nggih niki margi paduka cilaka, tandhane paduka sapunika
sampun jasa naraka jahanam, yen sampun dados, lajêng paduka-ênggeni piyambak,
siram salêbêting kawah wedang ingkang umob mumpal-mumpal. Kula niki bangsaning
lêlêmbut, sanes alam kaliyan manusa, ewadene kula taksih engêt dhatêng
wilujêngipun manusa. Inggih sampun ta, sapunika sadaya ingkang risak kula-aturi
mangsulakên malih, lepen ingkang asat lan panggenan ingkang sami katrajang toya
kula-aturi mangsulakên kados sawaunipun, manawi panjênêngan botên karsa
mangsulakên, sadaya manusa Jawi ingkang Islam badhe sami kula-têluh kajêngipun
pêjah sadaya, kula tamtu nyuwun bantu wadya bala dhatêng Kanjêng Ratu Ayu
Anginangin ingkang wontên samodra kidul”.
Sunan Benang barêng mirêng nêpsune Buta Locaya rumaos lupute, dene gawe
kasusahan warna-warna, nyikara wong kang ora dosa, mula banjur ngandika: “Buta
Locaya! aku iki bangsa Sunan, ora kêna mbaleni caturku kang wus kawêtu, besuk
yen wus limang atus taun, kali iki bisa bali kaya mau-maune”.
Buta Locaya barêng krungu kêsagahane Sunan Benang, banjur nêpsu maneh, nuli
matur marang Sunan Benang: “Kêdah paduka- wangsulna sapunika, yen botên sagêd,
paduka kula-banda”.
Sunan Benang ngandika marang Buta Locaya: “Wis kowe ora kêna mangsuli, aku
pamit nyimpang mangetan, woh sambi iki tak-jênêngake cacil, dene kok kaya bocah
cilik padha tukaran, dhêmit lan wong pêcicilan rêbut bênêr ngadu kawruh prakara
rusaking tanah, sarta susahe jalma lan dhêmit, dak-suwun marang Rabbana, woh
sambi dadi warna loro kanggone, daginge dadiya asêm, wijine mêtuwa lêngane,
asêm dadi pasêmoning ulat kêcut, dene dhêmit padu lan manusa, lênga têgêse
dhêmit mlêlêng jalma lunga. Ing besuk dadiya pasêksen, yen aku padu karo kowe,
lan wiwit saiki panggonan têtêmon iki, kang lor jênênge desa Singkal, ing kene
desa ing Sumbre, dene panggonane balamu kang ana ing kidul iku jênênge desa
Kawanguran”.
Sunan Benang sawuse ngandika mangkono banjur mlumpat marang wetan kali,
katêlah nganti tumêka saprene ing tanah Kutha Gêdhah ana desa aran Kawanguran,
Sumbre sarta Singkal, Kawanguran têgêse kawruhan, Singkal têgêse sêngkêl banjur
nêmu akal.
Buta Locaya nututi tindake Sunan Benang. Sunan Benang tindake têkan ing desa
Bogêm, ana ing kono Sunan Benang mriksani rêca jaran, rêca mau awak siji
êndhase loro, dene prênahe ana sangisoring wit trênggulun, wohe trênggulun mau
akeh bangêt kang padha tiba nganti amblasah, Sunan Benang ngasta kudhi, rêca
jaran êndhase digêmpal.
Buta Locaya barêng wêruh patrape Sunan Benang anggêmpal êndhasing rêca
jaran, saya wuwuh nêpsune sarta mangkene wuwuse: “Punika yasanipun sang Prabu
Jayabaya, kangge pralambang ing tekadipun wanita Jawi, benjing jaman Nusa
Srênggi, sintên ingkang sumêrêp rêca punika, lajêng sami mangrêtos tekadipun
para wanita Jawi”.
Sunan Benang ngandika: “Kowe iku bangsa dhêmit kok wani padu karo manusa,
jênênge dhêmit kêmênthus”.
Buta Locaya mangsuli: “Inggih kaot punapa, ngriku Sunan, kula Ratu”.
Sunan Benang ngandika: “Woh trênggulun iki tak-jênêngake kênthos, dadiya
pangeling-eling ing besuk, yen aku kêrêngan karo dhêmit kumênthus, prakara
rusaking rêca”.
Ki Kalamwadi ngandika: “Katêlah nganti saprene, woh trênggulun jênênge
kênthos, awit saka sabdane Sunan Benang, iku pituture Raden Budi Sukardi,
guruku”.
Sunan Benang banjur tindak mangalor, barêng wis wanci asar, kêrsane arêp
salat, sajabane desa kono ana sumur nanging ora ana timbane, sumure banjur
digolingake, dene Sunan Benang sawise, nuli sagêd mundhut banyu kagêm wudhu
banjur salat.
Ki Kalamwadi ngandika: “Katêlah nganti saprene sumur mau karane sumur
Gumuling, Sunan Benang kang anggolingake, iku pituture Raden Budi guruku, êmbuh
bênêr lupute”.
Sunan Benang sawise salat banjur nêrusake tindake, satêkane desa Nyahen (10)
ing kona ana rêca buta wadon, prênahe ana sangisoring wit dhadhap, wêktu iku
dhadhape pinuju akeh bangêt kêmbange, sarta akeh kang tiba kanan keringe rêca
buta mau, nganti katon abang mbêranang, saka akehe kêmbange kang tiba, Sunan
Benang priksa rêca mau gumun bangêt, dene ana madhêp mangulon, dhuwure ana 16
kaki, ubênge bangkekane 10 kaki, saupama diêlih saka panggonane, yen dijunjung
wong wolung atus ora kangkat, kajaba yen nganggo piranti, baune têngên rêca mau
disêmpal dening Sunan Benang, bathuke dikrowak.
Buta Locaya wêruh yen Sunan Benang ngrusak rêca, dheweke nêpsu maneh,
calathune: “Panjênêngan nyata tiyang dahwen, rêca buta bêcik-bêcik dirusak
tanpa prakara, saniki awon warnine, ing mangka punika yasanipun Sang Prabu
Jayabaya, lah asilipun punapa panjênêngan ngrisak rêca?”
Pangandikane Sunan Benang: “Mulane rêca iki tak-rusak, supaya aja
dipundhi-pundhi dening wong akeh, aja tansah disajeni dikutugi, yen wong muji
brahala iku jênênge kapir kupur lair batine kêsasar.”
Buta Locaya calathu maneh: “Wong Jawa rak sampun ngrêtos, yen punika rêca
sela, botên gadhah daya, botên kuwasa, sanes Hyang Latawalhujwa, mila sami
dipunladosi, dipunkutugi, dipunsajeni, supados para lêlêmbut sampun sami
manggen wontên ing siti utawi kajêng, amargi siti utawi kajêng punika wontên
asilipun, dados têdhanipun manusa, mila para lêlêmbut sami dipunsukani
panggenan wontên ing rêca, panjênêngan-tundhung dhatêng pundi? Sampun jamakipun
brêkasakan manggen ing guwa, wontên ing rêca, sarta nêdha ganda wangi, dhêmit
manawi nêdha ganda wangi badanipun kraos sumyah, langkung sênêng malih manawi
manggen wontên ing rêca wêtah ing panggenan ingkang sêpi edhum utawi wontên
ngandhap kajêng ingkang agêng, sampun sami ngraos yen alamipun dhêmit punika
sanes kalayan alamipun manusa, manggen wontên ing rêca têka panjênêngan-sikara,
dados panjênêngan punika têtêp tiyang jail gêndhak sikara siya-siya dhatêng
sasamining tumitah, makluking Pangeran. Aluwung manusa Jawa ngurmati wujud rêca
ingkang pantês simpên budi nyawa, wangsul tiyang bangsa ‘Arab sami sojah
Ka’batu’llah, wujude nggih tugu sela, punika inggih langkung sasar”.
Pangandikane Sunan Benang: Ka’batu’llah iku kang jasa Kangjêng Nabi Ibrahim,
ing kono pusêring bumi, didelehi tugu watu disujudi wong akeh, sing sapa sujud
marang Ka’batu’llah, Gusti Allah paring pangapura lupute kabeh salawase urip
ana ing ‘alam pangumbaran”.
Buta Locaya mangsuli karo nêpsu: “Tandhane napa yen angsal sihe Pangeran,
angsal pangapuntên sadaya kalêpatanipun, punapa sampun angsal saking Pangeran
Kang Maha Agung tapak asta mawi cap abrit?
Sunan Benang ngandika maneh: “Kang kasêbut ing kitabku, besuk yen mati oleh
kamulyan”.
Buta Locaya mangsuli karo mbêkos: “Pêjah malih yen sumêrêpa, kamulyan
sanyata wontên ing dunya kemawon sampun korup, sasar nyêmbah tugu sela, manawi
sampun nrimah nêmbah curi, prayogi dhatêng rêdi Kêlut kathah sela agêng-agêng
yasanipun Pangeran, sami maujud piyambak saking sabda kun, punika wajib dipunsujudi.
Saking dhawuhipun Ingkang Maha Kuwaos, manusa sadaya kêdah sumêrêp ing
Batu’llahipun, badanipun manusa punika Baitu’llah ingkang sayêktos, sayêktos
yen yasanipun Ingkang Maha Kuwaos, punika kêdah dipunrêksa, sintên sumêrêp
asalipun badanipun, sumêrêp budi hawanipun, inggih punika ingkang kenging
kangge tuladha. Sanadyan rintên dalu nglampahi salat, manawi panggenanipun raga
pêtêng, kawruhipun sasar-susur, sasar nêmbah tugu sela, tugu damêlan Nabi, Nabi
punika rak inggih manusa kêkasihipun Gusti Allah, ta, pinaringan wahyu nyata
pintêr sugih engêtan, sidik paningalipun têrus, sumêrêp
cipta sasmita ingkang dereng kalampahan. Dene ingkang yasa rêca punika Prabu
Jayabaya, inggih kêkasihipun Ingkang Kuwaos, pinaringan wahyu mulya, inggih
pintêr sugih engêtan sidik paningalipun têrus, sumêrêp saderengipun kalampahan,
paduka pathokan tulis, tiyang Jawi pathokan sastra, bêtuwah saking lêluhuripun.
sami-sami nyungkêmi kabar, aluwung nyungkêmi kabar sastra saking lêluhuripun
piyambak, ingkang patilasanipun taksih kenging dipuntingali. Tiyang nyungkêmi
kabar ‘Arab, dereng ngrêtos kawontênanipun ngrika, punapa dora punapa yêktos,
anggêga ujaripun tiyang nglêmpara. Mila panjênêngan anganjawi, nyade umuk,
nyade mulyaning nagari Mêkah, kula sumêrêp nagari Mêkah, sitinipun panas, awis
toya, tanêm-tanêm tuwuh botên sagêd mêdal, bênteripun bantêr awis jawah, manawi
tiyang ingkang ahli nalar, mastani Mêkah punika nagari cilaka, malah kathah
tiyang sade tinumbas tiyang, kangge rencang tumbasan. Panjênêngan tiyang duraka,
kula-aturi kesah saking ngriki, nagari Jawi ngriki nagari suci lan mulya, asrêp
lan bênteripun cêkapan, tanah pasir mirah toya, punapa ingkang dipuntanêm sagêd
tuwuh, tiyangipun jalêr bagus, wanitanipun ayu, madya luwês wicaranipun. Rêmbag
panjênêngan badhe priksa pusêring jagad, inggih ing ngriki ingkang
kula-linggihi punika, sapunika panjênêngan ukur, manawi kula lêpat panjênêngan
jotos. Rêmbag panjênêngan punika mblasar, tandha kirang nalar, kirang nêdha
kawruh budi, rêmên niksa ing sanes. Ingkang yasa rêca punika Maha Prabu
Jayabaya, digdayanipun ngungkuli panjênêngan, panjênêngan punapa sagêd ngêpal
lampahing jaman? Sampun ta, kula aturi kesah kemawon saking ngriki, manawi
botên purun kesah sapunika, badhe kula undhangakên adhi kula ingkang wontên ing
rêdi Kêlut, panjênêngan kula-kroyok punapa sagêd mênang, lajêng kula bêkta
mlêbêt dhatêng kawahipun rêdi Kêlut, panjênêngan punapa botên badhe susah,
punapa panjênêngan kêpengin manggen ing sela kados kula? Mangga dhatêng
Selabale, dados murid kula!”.
Sunan Benang ngandika: “Ora arêp manut rêmbugmu, kowe setan brêkasakan”.
Buta Locaya mangsuli: “Sanadyan kula dhêmit, nanging dhêmit raja, mulya
langgêng salamine, panjênêngan dereng tampu mulya kados kula, tekad panjênêngan
rusuh, rêmên nyikara niaya, mila panjênêngan dhatêng tanah Jawi, wontên ing
‘Arab nakal kalêbêt tiyang awon, yen panjênêngan mulya tamtu botên kesah saking
‘Arab, mila minggat, saking lêpat, tandhanipun wontên ing ngriki taksih
krejaban, maoni adating uwong, maoni agama, damêl risak barang sae, ngarubiru
agamane lêluhur kina, Ratu wajib niksa, mbucal dhatêng Mênadhu”.
Sunan Benang ngandika: “Dhadhap iki kêmbange tak jênêngake celung, uwohe
kledhung, sabab aku kêcelung nalar lan kêledhung rêmbag, dadiya pasêksen yen
aku padu lan ratu dhêmit, kalah kawruh kalah nalar”.
Mula katêlah nganti tumêka saprene, woh dhadhap jênênge kledhung, kêmbange
aran celung.
Sunan Benang banjur pamitan: “Wis aku arêp mulih mênyang Benang”.
Buta Locaya mangsuli karo nêpsu: “Inggih sampun, panjênêngan enggala kesah,
wontên ing ngriki mindhak damêl sangar, manawi kadangon wontên ing ngriki
mindhak damêl susah, murugakên awis wos, nambahi bênter, nyudakakên toya”.
Sunan Benang banjur tindak, dene Buta Locaya sawadya-balane uga banjur
mulih. Gênti kang cinarita, nagari ing Majalêngka, anuju sawijining dina, Sang
Prabu Brawijaya miyos sinewaka, diadhêp Patih sarta para wadya bala, Patih
matur, yen mêntas nampani layang saka Tumênggung ing Kêrtasana, dene surasane
layang ngaturi uninga yen nagara Kêrtasana kaline asat, kali kang saka Kadhiri
miline nyimpang mangetan, saperanganing layang mau unine mangkene: “Wontên
ler-kilen Kadhiri, pintên-pintên dhusun sami karisakan, anggenipun makatên wau,
saking kenging sabdanipun ngulama saking ‘Arab, namanipun Sunan Benang.
Sang Prabu mirêng ature Patih bangêt dukane, Patih banjur diutus mênyang
Kêrtasana, niti-priksa ing kono kabeh, kahanane wonge sarta asile bumi kang
katrajang banyu kapriye? Sarta didhawuhi nimbali Sunan Benang.
Gêlising carita, Patih sawise niti-priksa, banjur ngaturake kahanane kabeh,
dene duta kang diutus mênyang Tuban uga wis têka, matur yen ora oleh gawe,
amarga Sunan Benang lunga ora karuhan parane.
Sang Prabu midhangêt ature para wadya banjur duka, paring pangandika yen
ngulama saka ‘Arab pada ora lamba atine. Sang Prabu banjur dhawuh marang Patih,
wong ‘Arab kang ana ing tanah Jawa padha didhawuhi lunga, amarga gawe ribêding
nagara, mung ing Dêmak lang Ngampelgadhing kang kêparêng ana ing tanah Jawa,
nglêstarekake agamane, liyane loro iku didhawuhi ngulihake mênyang asale, dene
yen padha ora gêlêm lunga didhawuhi ngrampungi bae. Ature Patih: “Gusti! lêrês
dhawuh paduka punika, amargi ngulama Giripura sampun tigang taun botên sowan
utawi botên ngaturakên bulubêkti, mênggah sêdyanipun badhe rêraton piyambak, botên
ngrumaosi nêdha ngombe wontên tanah Jawi, dene namanipun santri Giri
anglangkungi asma paduka, pêparabipun Sunan ‘Aênalyakin, punika nama ing
têmbung ‘Arab, mênggah têgêsipun Sunan punika budi, têgêsipun Aenal punika
ma’rifat, têgêsipun Yakin punika wikan, sumêrêp piyambak, dados nama tingal
ingkang têrus, suraosipun ing têmbung Jawi nama Prabu Satmata, punika asma
luhur ingkang makatên punika ngirib-irib tingalipun Kang Maha Kuwasa, mariksa
botên kasamaran, ing alam donya botên wontên kalih ingkang asma Sang Prabu
Satmata, kajawi namung Bathara Wisnu nalika jumênêng Nata wontên ing nagari
Mêdhang-Kasapta. Sang Prabu midhangêt ature Patih, banjur dhawuh nglurugi
pêrang mênyang Giri, Patih budhal ngirid wadya-bala prajurit, nglurug mênyang
Giri. Patih sawadya-balane satêkane ing Giri banjur campuh pêrang. Wong ing
Giri geger, ora kuwat nanggulangi pangamuke wadya Majapahit. Sunan Giri mlayu
mênyang Benang, golek kêkuwatan, sawise oleh bêbantu, banjur pêrang maneh
mungsuh wong Majalêngka, pêrange rame bangêt, ing wêktu iku tanah jawa wis meh
saparo kang padha ngrasuk agama Islam, wong-wong ing Pasisir lor wis padha
agama Islam, dene kang kidul isih têtêp nganggo agama Buddha. Sunan Benang wis
ngrumasani kaluputane, ênggone ora sowan mênyang Majalêngka, mula banjur lunga
karo Sunan Giri mênyang Dêmak, satêkane ing Dêmak, banjur ngêbang marang
Adipati Dêmak, diajak nglurug mênyang Majalêngka, pangandikane Sunan Benang
marang Adipati Dêmak: “Wêruha yen saiki wis têkan masa rusake Kraton
Majalêngka, umure wis satus têlu taun, saka panawangku, kang kuwat dadi Ratu
tanah Jawa, sumilih Kaprabon Nata, mung kowe, rêmbugku rusakên Kraton
Majalêngka, nanging kang sarana alus, aja nganti ngêtarani, sowana besuk
Garêbêg Mulud, nanging rumantiya sikêping pêrang: 1. gaweya samudana, 2.
dhawuhana balamu para Sunan kabeh lan para Bupati kang wis padha Islam kumpulna
ana ing Dêmak, yen kumpule iku arêp gawe masjid, mêngko yen wis kumpul, para
Sunan sarta Bupati sawadya-balane kang wis padha Islam, kabeh mêsthi nurut
marang kowe”.
Ature Adipati Dêmak: “Kula ajrih ngrisak Nagari Majalêngka, amêngsah bapa
tur raja, kaping tiganipun damêl sae paring kamukten ing dunya, lajêng punapa
ingkang kula-walêsakên, kajawi namung sêtya tuhu. Dhawuhipun eyang Sunan
Ngampelgadhing, botên kaparêng yen kula mêngsah bapa, sanadyan Buddha nanging
margi-kula sagêd dumados gêsang wontên ing dunya. Inggih sanadyan Buddha punapa
kapir, tiyang punika bapa inggih kêdah dipunhurmati, punapa malih dereng wontên
lêpatipun dhatêng kula”.
Sunan Benang ngandika mêneh: “Sanadyan mungsuh bapa lan ratu, ora ana alane,
amarga iku wong kapir, ngrusak kapir Buddha kawak: kang kok-têmu ganjaran
swarga. Eyangmu kuwi santri mêri, gundhul bêntul butêng tanpa nalar, patute
mung dadi godhogan, sapira kawruhe Ngampelgadhing, bocah kalairan Cêmpa, masa
padhaa karo aku Sayid Kramat, Sunan Benang kang wis dipuji wong sabumi ‘alam,
têdhak Rasul panutaning wong Islam kabeh. Kowe mungsuh bapakmu Nata, sanadyan
dosa pisan, mung karo wong siji, tur ratu kapir, nanging yen bapakmu kalah,
wong satanah Jawa padha Islam kabeh. Kang mangkono iku, sapira mungguh
kauntunganmu nugrahaning Pangeran tikêl kaping êmbuh, sihing Hyang Kang Maha
Kuwasa kang dhawuh marang kowe. Satêmêne ramanira iku siya-siya marang sira,
tandhane sira diparingi jênêng Babah, iku ora prayoga, têgêse Babah iku saru
bangêt, iya iku: bae mati bae urip, wiji jawa digawa Putri Cina, mula ibumu
diparingake Arya Damar, Bupati ing Palembang, wong pranakan buta; iku mêgat sih
arane. Ramanira panggalihe têtêp ora bêcik, mulane rêmbugku, walêsên kalawan
alus, lire aja katara, ing batin sêsêpên gêtihe, mamahên balunge”.
Sunan Giri nyambungi rêmbug: Aku iki ora dosa dilurugi ramamu, didakwa
rêraton, amarga aku ora seba marang Majalêngka. Sumbare Patih, yen aku
kacandhak arêp dikuciri lan dikon ngêdusi asu, akeh bangsa Cina kang padha têka
ana ing tanah Jawa, ana ing Giri padha tak-Islamake awit kang muni ing kitabku,
yen ngislamake wong kapir, besuk ganjarane swarga, mula akeh bangsa Cina kang
padha tak- Islamake, tak-anggêp kulawarga. Dene têkaku mrene ini ngungsi urip
mênyang kowe, aku wêdi marang Patih Majalêngka, lan ramanira sêngit bangêt
marang santri kang muji dhikir, ênggone ngarani jare lara ayan esuk lan sore,
yen kowe ora ngukuhi, mêsthi rusak agama Mukhammad Nabi”.
Wangsulane Sang Adipati Dêmak: “Anggenipun nglurugi punika lêrês, tiyang
rêraton, botên ngrumaosi yen kêdah manut prentahing Ratu ingkang mbawahakên,
sampun wajibipun dipunlurugi, dipunukum pêjah, awit panjênêngan botên ngrumaosi
dhahar ngunjuk wontên in tanah Jawi”.
Sunan Benang ngandika maneh: “Yen ora kok-rêbut dina iki, kowe ngênteni
surude bapakmu, kaprabone bapakmu wis mêsthi ora bakal tiba kowe, mêsthi
dipasrahake marang Adipati Pranaraga, amarga iku putrane kang tuwa, utawa
dipasrahake marang putra mantu, iya iku Ki Andayaningrat ing Pêngging, kowe
anak nom, ora wajib jumênêng Nata, mumpung iki ana lawang mênga, Giri kang dadi
jalarane ngrusak Majalêngka, nadyan mati, mungsuh wong kapir, mati sabilu’llah,
patine slamêt nampani swarga mulya, wis wajibe wong Islam mati dening wong
kapir, saka ênggone nyungkêmi agamane, karo wis wajibe wong urip golek
kamuktening dunya, golek darajat kang unggul dhewe, yen wong urip ora wêruh
marang uripe, iku durung gênêp uripe, lamun sipat manusa mêsthi melik mêngku
praja angreh wadya bala, awit Ratu iku Khalifa wakile Hyang Widdhi, apa bae
kang dikarêpake bisa kêlakon, satêmêne kowe wis pinasthi bakal jumênêng Ratu
ana ing tanah Jawa, sumilih kaprabone ramamu, ananging ing laire iya kudu
nganggo sarat dirêbut sarana pêrang, yen kowe ora gêlêm nglakoni, mêsthine sihe
Gusti Allah kang mênyang kowe bakal dipundhut bali, dadi kowe jênênge nampik
sihe Allah, aku mung sadarma njurungi, amarga aku wis wêruh sadurunge winarah,
wis tak-sêmprong nganggo sangkal bolong katon nêrawang ora samar sajroning
gaib, kowe kang katiban wahyu sihe Pangeran, bisa dadi Ratu ana ing tanah Jawa,
murwani agama suci, ambirat ênggonmu madêg Narendra, bisa ngideni adêgmu Nata
mêngku tanah Jawa, bisa lêstari satêruse”. Akeh-akeh dhawuhe Sunan Benang, pambujuke
marang adipati Dêmak supaya mêtu nêpsune, gêlêm ngrusak Majalêngka, malah
diwenehi lêpiyan carita Nabi, kang gêlêm ngrusak bapa kapir, iku padha nêmu
rahayu.
Adipati Dêmak matur: “Manawi karsa panjênêngan makatên, kula namung sadarmi
nglampahi dhawuh, panjênêngan ingkang mbotohi”.
Sunan Benang ngandika maneh: “Iya mangkono iku kang tak karêpake, saiki kowe
wis gêlêm tak botohi, lah saiki uga kowe kirima layang marang adhimu Adipati
Têrung, ananging têmbungmu kang rêmit sarta alus, adhimu antêpên, apa abot Sang
Nata, apa abot sadulur tuwa kang tunggal agama. Yen adhimu wis rujuk adêgmu
Nata, gampang bangêt rusaking Majalêngka. Majapahit sapa kang diêndêlake yen
Kusen mbalik, Si gugur isih cilik, masa ndadak waniya, Patihe wis tuwa, dithothok
bae mati, mêsthi ora bisa nadhahi yudamu”. Adipati Dêmak banjur kirim layang
marang Têrung, ora suwe utusan bali, wis tinampan wangsulane Sang Adipati
Têrung, saguh ambiyantu pêrang, layang banjur katur Sunan Benang, ndadekake
sukaning panggalih, Sunan Benang banjur ngandika marang Adipati Dêmak, supaya
Sang Adipati ngaturi para Sunan lan para Bupati kabeh, samudana yen arêp
ngêdêgake masjid, lan diwenehana sumurup yen Sunan Benang wis ana ing Dêmak.
Gêlising carita, ora suwe para Sunan lan para Bupati padha têka kabeh, banjur
pakumpulan ngêdêgake masjid, sawise mêsjid dadi, banjur padha salat ana ing
masjid, sabakdane salat, banjur tutup lawang, wong kabeh dipangandikani dening
Sunan Benang, yen Adipati Dêmak arêp dijumênêngake Nata, sarta banjur arêp ngrusak
Majapahit, yen wis padha rujuk, banjur arêp kêpyakan tumuli. Para Sunan lan
para Bupati wis padha rujuk kabeh, mung siji kang ora rujuk, iya iku Syekh
Sitijênar. Sunan Benang duka, Syekh Sitijênar dipateni, dene kang kadhawuhan
mateni iya iku Sunan Giri, Syekh Sitijênar dilawe gulune mati. Sadurunge Syekh
Sitijênar tumêka ing pati, ninggal swara: “Eling-eling ngulama ing Giri, kowe
ora tak-walês ing akhirat, nanging tak-walês ana ing dunya kene bae, besuk yen
ana Ratu Jawa kanthi wong tuwa, ing kono gulumu bakal tak-lawe gênti”. Sunan
Giri mangsuli: “Iya besuk wani, saiki wani, aku ora bakal mundur”. Sawise
golong karêpe, nglêstarekake apa kang wis dirêmbug. Sang Adipati Dêmak banjur
ingidenan jumênêng Nata, amêngku tanah Jawa, jêjuluk Senapati Jimbuningrat,
patihe wong saka Atasaning aran Patih Mangkurat. Esuke Senapati Jimbuningrat
wis miranti sapraboting pêrang, banjur budhal mênyang Majapahit, diiringake
para Sunan lan para Bupati, lakune kaya dene Garêbêg Maulud, para wadya bala
ora ana kang ngrêti wadining laku, kajaba mung para Tumênggung lan para Sunan
apa dene para ngulama, Sunan Benang lan Sunan Giri ora melu mênyang Majapahit,
pawadane sarehne wis sêpuh, mung arêp salat ana ing masjid bae, lan paring idi
rahayuning laku, dadi mung para Sunan lan para Bupati bae kang ngiringake
Sultan Bintara, ora kacarita lakune ana ing dalan.
Gênti kocapa nagara in Majapahit, Patih saulihe saka ing Giri banjur matur
sang Praba, bab ênggone mukul pêrang ing Giri, mungguh kang dadi senapati ing
Giri iya iku sawijining bangsa Cina kang wis ngrasuk agama Islam, arane
Sêcasena, mangsah mêncak nganggo gêgêman abir, sawadya-balane watara wong
têlung atus, padha bisa mêncak kabeh, brêngose capang sirahe gundhul, padha
manganggo srêban cara kaji, mangsah pêrang paculat kaya walang kadung, wadya
Majapahit ambêdhili, dene wadya-bala ing Giri pating jênkelang ora kêlar
nadhahi tibaning mimis. Senapati Sêcasena wis mati, dene bala Cina liyane lang
kari padha mlayu salang tunjang, bala ing Giri ngungsi mênyang alas ing gunung,
sawêneh ngambang ing sagara, mlayu mênyang Benang têrus diburu dening
wadya-bala Majapahit, Sunan Giri lan Sunan Benang banjur nunggal saprau-layar
ngambang ing sagara, kinira banjur minggat marang Arab ora bali ngajawa. Sang
Prabu banjur dhawuh marang Patih, supaya utusan mênyang Dêmak, andhawuhake yen
ngulama ing Giri lan ing Benang padha têka ing Dêmak, didhawuhi nyêkêl,
kaaturna bêbandan ing ngarsa Nata, awit dosane santri Benang ngrusak bumi ing
Kêrtasana, dene dosane santri Giri ora gêlêm seba marang ngarsa Prabu, tekade
sumêdya nglawan pêrang.
Patih samêtune ing paseban jaba, banjur nimbali duta kang arêp diutus
mênyang Dêmak, sajrone ana ing paseban jaba, kêsaru têkane utusane Bupati ing
Pathi, ngaturake layang marang Patih, layang banjur diwaos kiyai Patih, mungguh
surasaning layang. Menak Tunjungpura ing Pathi ngaturi uninga, yen Adipati ing
Dêmak, iya iku Babah Patah, wis madêg Ratu ana ing Dêmak, dene kang ngêbang-
êbang adêging Nata, iya iku Sunan Benang lan Sunan Giri, para Bupati pasisir
lor sawadyane kang wis padha Islam uga padha njurungi, dene jêjuluking Ratu,
Senapati Jimbuningrat, utawa Sultan Syah ‘Alam Akbar Siru’llah Kalifatu’rrasul
Amiri’lmukminin Tajudi’l’Abdu’lhamid Kak, iya Sultan Adi Surya ‘Alam, ing
Bintara. Ing samêngko Babah Patah sawadya-balane wis budhal nglurug marang
Majapahit, sêdya mungsuh ingkang rama, Babah Patah abot mênyang gurune,
ngenthengake ingkang rama, para Sunan lan para Bupati padha ambiyantu anggone
arêp mbêdhah Majapahit. Babah Patah anggone nggawa bala têlung lêksa miranti
sapraboting pêrang, mungguh kature Sang Prabu amborongake kiyai Patih. Layang
kang saka Pathi mau katitimasan tanggal kaping 3 sasi Mulud taun Jimakir 1303,
masa Kasanga Wuku Prangbakat. Kiyai Patih sawise maos layang, njêtung atine,
sarta kêrot, gêrêng-gêrêng, gedheg-gedheg, bangêt pangungune, banjur tumênga
ing tawang karo nyêbut marang Dewa kang Linuwih, bangêt gumune mênyang wong
Islam, dene ora padha ngrêti mênyang kabêcikane Sang Prabu, malah padha gawe
ala. Kyai Patih banjur matur Sang Prabu, ngaturake surasane layang mau.
Sang Prabu Brawijaya midhangêt ature Patih kaget bangêt panggalihe, njêgrêg
kaya tugu, nganti suwe ora ngandika, jroning panggalih ngungun bangêt marang
putrane sarta para Sunan, dene padha duwe sêdya kang mangkono, padha diparingi
pangkat, wêkasane malah padha gawe buwana balik, kolu ngrusak Majapahit. Sang
Prabu nganti ora bisa manggalih apa mungguh kang dadi sababe, dene putrane lan
para ngulama têka arêp ngrusak karaton, digoleki nalar-nalare tansah wudhar,
lair batin ora tinêmu ing nalar, dene kok padha duwe pikir ala. Ing wêktu iku
panggalihe Sang Prabu pêtêng bangêt, sungkawane ratu Gêdhe kang linuwih,
sinêmonan dening Dewa, kaya dene atining kêbo êntek dimangsa ing tumaning
kinjir. Sang Prabu banjur andangu marang Patih, apa ta mungguh kang dadi
sababe, dene putrane lan para ngulama apa dene para Bupati kolu ngrusak
Majapahit, ora padha ngelingi marang kabêcikan.
Ature Patih, mratelakake yen uga ora mangêrti, amarga adoh karo nalare, wong
dibêciki kok padha malês ala, lumrahe mêsthi, padha malês bêcik. Ki Patih uga
mung gumun, dene wong Islam pikire kok padha ora bêcik, dibêciki walêse kok
padha ala.
Sang Prabu banjur ngandika marang patih, bab anane lêlakon kaya mangkono iku
amarga saka lêpate sang nata piyambak, dene nggêgampang marang agama kang wis
kanggo turun-tumurun, sarta ênggone kêgiwang marang ature Putri Cêmpa, ngideni
para ngulama mêncarake agama Islam. Sang Nata saka putêking panggalihe nganti
kawêdhar pangandikane ngêsotake marang wong Islam: Sun-suwung marang Dewa Gung,
muga winalêsna susah-ingsun, wong Islam iku besuk kuwalika agamanira, manjalma
dadi wong kucir, dene tan wruh kabêcikan, sun-bêciki walêse angalani”.
“Sabdaning Ratu Agung sajroning kasusahan, katarima dening Bathara, sinêksen
ing jagad, katandhan ana swara jumêgur gêtêr patêr sabuwana, iya iku kawitane
manuk kuntul ana kang kucir. Sunan, ngulama kabeh ngrangkêp jênêng walikan,
katêlah tumêka saprene, ngulama jênênge walian, kuntul kucir githoke. Sang
Prabu banjur mundhut pamrayoga marang Patih, prakara têkane mungsuh, santri
kang ngrêbut nagara, iku dilawan apa ora? Sang Nata rumaos gêtun lan ngungun,
dene Adipati Dêmak kapengin mêngkoni Majapahit bae kok dirêbut sarana pêrang,
saupama disuwun kalayan aris bae mêsthi diparingake, amarga Sang Nata wis
sêpuh. Ature Patih prayoga nglawan têkaning mungsuh. Sang Prabu ngandika, yen
nganti nglawan rumaos lingsêm bangêt, dene mungsuh karo putra, mula dhawuhe
Sang Prabu, yen mapag pêrang kang sawatara bae, aja nganti ngrusakake bala.
Patih didhawuhi nimbali Adipati Pêngging sarta Adipati Pranaraga, amarga putra
kang ana ing Majapahit durung wanci yen mapagake pêrang, sawise paring
pangandika mangkono. Sang Prabu banjur lolos arsa têdhak marang Bali,
kadherekake abdi kêkasih, Sabdapalon lan Nayagenggong. Sajrone Sang Prabu
paring pangandika, wadya-bala Dêmak wis pacak baris ngêpung nagara, mula kasêsa
tindake. Wadya Dêmak banjur campuh karo wadya Majapahit, para Sunan banjur
ngawaki pêrang, Patih Majapahit ngamuk ana samadyaning papêrangan. Para Bupati
Nayaka wolu uga banjur melu ngamuk. Pêrange rame bangêt, bala Dêmak têlung
lêksa, balang Majapahit mung têlung ewu, sarehne Majapahit karoban mungsuh,
prajurite akeh kang padha mati, mung Patih sarta Bupati Nayaka pangamuke saya
nêsêg. Bala Dêmak kang katrajang mêsthi mati. Putrane Sang Prabu aran Raden
Lêmbupangarsa ngamuk ana satêngahing papêrangan, tandhing karo Sunan Kudus,
lagi rame-ramene têtandhingan pêrang, Patih Mangkurat ing Dêmak nglambung,
Putra Nata tiwas, saya bangêt nêpsune, pangamuke kaya bantheng kataton, ora ana
kang diwêdeni, Patih ora pasah sakehing gêgaman, kaya dene tugu waja, ora ana
braja kang tumama marang sarirane, ing ngêndi kang katrajang bubar ngisis, kang
tadhah mati nggêlasah, bangkening wong tumpang tindhih, Patih binendrongan saka
kadohan, tibaning mimis kaya udan tiba ing watu. Sunan Ngudhung mapagake banjur
mrajaya, nanging ora pasah, Sunan Ngudhung disuduk kêna, barêng Sunan Ngudhung
tiwas, Patih dibyuki wadya ing Dêmak, dene wadya Majapahit wis êntek, sapira
kuwate wong siji, wêkasan Patih ing Majapahit ngêmasi, nanging kuwandane sirna,
tinggal swara: “Eling-eling wong Islam, dibêciki gustiku walêse ngalani, kolu
ngrusak nagara Majapahit, ngrêbut nagara gawe pêpati, besuk tak-walês, tak-ajar
wêruh nalar bênêr luput, tak-damoni sirahmu, rambutmu tak-cukur rêsik”.
Sapatine Patih, para Sunan banjur mlêbu mênyang kadhaton. nanging sang Prabu
wis ora ana, kang ana mung Ratu Mas, iya iku Putri Cêmpa, sang Putri diaturi
sumingkir mênyang Benang uga karsa.
Para prajurit Dêmak banjur padha mlêbu mênyang kadhaton, ana ing kono pada
njarah rayah nganti rêsik, wong kampung ora ana kang wani nglawan. Raden Gugur
isih timur lolos piyambak. Adipati Têrung banjur mlêbu mênyang jêro pura,
ngobongi buku-buku bêtuwah Buddha padha diobongi kabeh, wadya sajroning pura
padha bubar, beteng ing Bangsal wis dijaga wong Têrung. Wong Majapahit kang ora
gêlêm têluk banjur ngungsi mênyang gunung lan alas-alas, dene kang padha gêlêm
têluk, banjur dikumpulake karo wong Islam, padha dikon nyêbut asmaning Allah.
Layone para putra santana lan nayaka padha kinumpulake, pinêtak ana
sakidul-wetan pura. Kuburan mau banjur dijênêngake Bratalaya, jarene iku kubure
Raden Lêmbupangarsa.
Barêng wis têlung dina, Sultan Dêmak budhal mênyang Ngampel, dene kang
dipatah tunggu ana ing Majapahit, iya iku Patih Mangkurat sarta Adipati Têrung,
njaga kaslamêtan mbokmanawa isih ana pakewuh ing wuri, Sunan Kudus njaga ana
ing kraton dadi sulihe Sang Prabu, Têrung uga dijaga ngulama têlung atus, sabên
bêngi padha salat kajat sarta andêrês Kur’an, wadya-bala kang saparo lan para
Sunan padha ndherek Sang Prabu mênyang Ngampelgadhing, Sunan Ngampel wis seda,
mung kari garwane kang isih ana ing Ngampel, garwane mau asli saking Tuban,
putrane Arya Teja, sasedane Sunan Ngampel, Nyai Agêng kanggo têtuwa wong
Ngampel. Sang Prabu Jambuningrat satêkane ing Ngampel, banjur ngabekti Nyai
Agung, para Sunan sarta para Bupati gênti-gênti padha ngaturake sêmbah mênyang
Nyai Agêng. Prabu Jimbuningrat matur yen mêntas mbêdhah Majapahit, ngaturake lolose
ingkang rama sarta Raden Gugur, ngaturake patine Patih ing Majapahit lan matur
yen panjênêngane wis madêg Nata mêngku tanah Jawa, dene jêjuluke: Senapati
Jimbun, sarta Panêmbahan Palembang, ênggone sowan mênyang Ngampel iku, prêlu
nyuwun idi, têtêpa jumênêng Nata nganti run-tumurun aja ana kang nyêlani.
Nyai Agêng Ngampel sawise mirêng ature Prabu Jimbun, banjur muwun sarta
ngrangkul Sang Prabu, Nyai Agêng ing batos karaos-raos, mangkene pangudaraosing
panggalih: “Putuku, kowe dosa têlung prakara, mungsuh Ratu tur sudarmane, sarta
kang aweh kamukten ing dunya, têka dirusak kang tanpa prakara, yen ngelingi
kasaeane uwa Prabu Brawijaya, para ngulama padha diparingi panggonan kang wis
anggawa pamêtu minangka dadi pangane, sarta padha diuja sakarêpe, wong pancene
rak sêmbah nuwun bangêt, wusana banjur diwalês ala, seda utawa sugênge ora ana
kang wêruh”.
Nyai Agêng banjur ndangu Sang Prabu, pangandikane: “Êngger! aku arêp takon
mênyang kowe, kandhaa satêmêne, bapakmu tênan kuwi sapa? Sapa kang ngangkat
kowe dadi Ratu tanah Jawa lan sapa kang ngideni kowe? Apa sababe dene kowe
syikara kang tanpa dosa?”
Sang Prabu banjur matur, yen Prabu Brawijaya iku jarene ramane têmênan. Kang
ngangkat sarirane dadi Ratu mêngku tanah Jawa iku para Bupati pasisir kabeh.
Kang ngideni para Sunan. Mulane nagara Majapahit dirusak, amarga Sang Prabu
Brawijaya ora karsa salin agama Islam, isih ngagêm agama kapir kupur, Buddha
kawak dhawuk kaya kuwuk.
Nyai Agêng barêng mirêng ature Prabu Jimbun, banjur njêrit ngrangkul Sang
Prabu karo ngandika: “Êngger! kowe wêruha, kowe iku dosa têlung prakara, mêsthi
kêsiku ing Gusti Allah. Kowe wani mungsuh Ratu tur wong tuwamu dhewe, sarta
sing aweh nugraha marang kowe, dene kowe kok wani ngrusak kang tanpa dosa.
Anane Islam lan kapir sapa kang gawe, kajaba mung siji Gusti Allah piyambak.
Wong ganti agama iku ora kêna dipêksa yen durung mêtu saka karêpe dhewe. Wong
kang nyungkêmi agamane nganti mati isih nggoceki tekade iku utama. Yen Gusti
Allah wis marêngake, ora susah ngango dikon, wis mêsthi salin dhewe ngrasuk
agama Islam. Gusti Allah kang sipat rahman, ora dhawuh lan ora malangi marang
wong kang salin agama. Kabeh iki sasênênge dhewe-dhewe. Gusti Allah ora niksa
wong kapir kang ora luput, sarta ora paring ganjaran marang wong Islam kang
tumindak ora bênêr, mung bênêr karo lupute sing diadili nganggo têtêping adil,
lalar-lulurên asalmu, ibumu Putri Cêmpa nyêmbah pikkong, wujud dluwang utawa
rêja watu. Kowe ora kêna sêngit mênyang wong kang agama Buddha, tandha mripatmu
iku lapisan, mula blero pandêlêngmu, ora ngrêti marang kang bênêr lan kang
luput, jarene anake Sang Prabu, têka kolu marang bapa, kêduga ngrusak ora
nganggo prakara, beda matane wong Jawa, Jawa Jawi ngrêti matane mung siji, dadi
wêruh ing bênêr lan luput, wêruh kang bêcik lan kang ala, mêsthi wêdi mênyang
bapa, kapindhone Ratu lan kang aweh nugraha, iku wajib dibêkteni. Eklasing ati
bêkti bapa, ora bêkti wong kapir, amarga wis wajibe manusa bêkti marang wong
tuwane. Kowe tak-dongengi, wong Agung Kuparman, iku agamane Islam, duwe maratuwa
kapir, maratuwane gêthing marang wong Agung amarga seje agama, maratuwane
tansah golek sraya bisane mantune mati, ewadene Wong Agung tansah wêdi- asih
lang ngaji-aji, amarga iku wong tuwane, dadi ora dielingi kapire, nanging kang
dielingi wong tuwane, mula Wong Agung iya ngaji-aji marang maratuwane. Iya iku
êngger, kang diarani wong linuwih, ora kaya tekadmu, bapa disiya-siya, dupeh
kapir Budha ora gêlêm ganti agama, iku dudu padon. Lan aku arêp takon, apa kowe
wis matur marang wong tuwamu, kok-aturi salin agama? nagarane kok nganti
kok-rusak iku kapriye?
Prabu Jimbun matur, yen durung ngaturi salin agama, têkane Majapahit banjur
ngêpung nagara bae.
Nyai Agêng Ngampel gumujêng karo ngandika: “Tindakmu iku saya luput bangêt,
sanadyan para Nadi dhek jaman kuna, ênggone padha wani mungsuh wong tuwane, iku
amarga sabên dinane wis ngaturi santun agama, nanging ora karsa, mangka sabên
dinane wis diaturi mujijade, kang nandhakake yen kudu wis santun agama Islam,
ananging atur mau ora dipanggalih, isih nglêstarekake agamane lawas, mula iya
banjur dimungsuh. Lamun mangkono tumindake, sanadyan mungsuh wong tuwa, lair
batine ora luput. Barêng wong kang kaya kowe, mujijadmu apa? Yen nyata
Khalifatu’llah wênang nyalini agama lah coba wêtokna mujijadmu tak-tontone”.
Prabu Jimbun matur yen ora kagungan mujijad apa-apa, mung manut unine buku,
jare yen ngislamake wong kapir iku ing besuk oleh ganjaran swarga.
Nyai Agêng Ngampel gumujêng nanging wêwah dukane. Ujar-jare bae kok
disungkêmi, tur dudu bukuning lêluhur, wong ngumbara kok diturut rêmbuge, sing
nglakoni rusak ya kowe dhewe, iku tandha yen isih mêntah kawruhmu, durung wani
marang wong tuwa, saka kêpenginmu jumênêng Nata, kasusuhane ora dipikir. Kowe
kuwi dudu santri ahli budi, mung ngêndêlake ikêt putih, nanging putihe kuntul,
sing putih mung ing jaba, ing jêro abang, nalika eyangmu isih sugêng, kowe tau
matur yen arêp ngrusak Majapahit, eyangmu ora parêng, malah manti-manti aja
nganti mungsuh wong tuwa, saiki eyangmu wis seda, wêwalêre kok-trajang, kowe
ora wêdi papacuhe. Yen kowe njaluk idi marang aku, prakara têtêpmu dadi Ratu
tanah Jawa, aku ora wênang ngideni, aku bangsa cilik tur wong wadon, mêngko rak
buwana balik arane, awit kowe sing mêsthine paring idi marang aku, amarga kowe
Khalifatu’llah sajroning tanah Jawa, mung kowe dhewe sing tuwa, saucapmu idu
gêni, yen aku tuwa tiwas, yen kowe têtêp tuwa Ratu”.
Banjure pangandikane Nyai Agêng Ngampel: “Putu! kowe tak- dongengi kupiya
patang prakara, ing kitab hikayat wis muni, carita tanah Mêsir, panjênêngane
Kanjêng Nabi Dhawud, putrane anggege kapraboning rama, Nabi Dhawud nganti
kengsêr saka nagara, putrane banjur sumilih jumênêng Nata, ora lawas Nabi
Dhawud sagêd wangsul ngrêbut nagarane. Putrane nunggang jaran mlayu mênyang
alas, jarane ambandhang kêcanthol-canthol kayu, nganthi pothol gumantung ana
ing kayu, iya iku kang diarani kukuming Allah. Ana maneh caritane Sang Prabu
Dewata-cêngkar, iku iya anggege kapraboning rama, nanging banjur disotake
dening ingkang rama banjur dadi buta, sabên dina mangsa jalma, ora suwe
antarane, ana Brahmana saka tanah sabrang angajawa, aran Aji Saka, anggêlarake
panguwasa sulap ana ing tanah Jawa. Wong Jawa akeh kang padha asih marang Aji
Saka, gêthing marang Dewatacêngkar, Ajisaka diangkat dadi Raja, Dewatacêngkar
dipêrangi nganti kêplayu, ambyur ing sagara, dadi bajul, ora antara suwe banjur
mati. Ana maneh caritane nagara Lokapala uga mangkono, Sang Prabu Danaraja wani
karo ingkang rama, kukume iya isih tumindak kaya kang tak-caritakake mau, kabeh
padha nêmu sangsara. Apa maneh kaya kowe, mungsuh bapa kang tanpa prakara, kowe
mêsthi cilaka, patimu iya mlêbu mênyang yomani, kang mangkono iku kukume
Allah”.
Sang Prabu Jimbun mirêng pangandikane ingkang eyang, panggalihe rumasa
kêduwung bangêt, nanging wis ora kêna dibalekake.
Nyai Agêng Ngampel isih nêrusake pangandikane: “Kowe kuwi dilêbokake ing
loropan dening para ngulama lan para Bupati, mung kowe kok gêlêm nglakoni, sing
nglakoni cilaka rak iya mung kowe dhewe, tur kelangan bapa, salawase urip
jênêngmu ala, bisa mênang pêrang nanging mungsuh bapa Aji, iku kowe mrêtobata
marang Kang Maha Kuwasa, kiraku ora bakal oleh pangapura, sapisan mungsuh bapa,
kapindho murtat ing Ratu, kaping têlune ngrusak kabêcikan apa dene ngrusak
prajane tanpa prakara. Adipati Pranaraga lan Adipati Pêngging masa trimaa
rusaking Majapahit, mêsthine labuh marang bapa, iku bae wis abot sanggane”.
Nyai Agêng akeh-akeh pangandikane marang Prabu Jimbun. Sawise Sang Prabu
dipangandikani, banjur didhawuhi kondur mênyang Dêmak, sarta didhawuhi nglari
lolose ingkang rama, yen wis kêtêmu diaturana kondur mênyang Majapahit, lan
aturana mampir ing Ngampelgadhing, nanging yen ora kêrsa, aja dipêksa, amarga
yen nganti duka mangka banjur nyupatani, mêsthi mandi.
Sang Prabu Jimbun sarawuhe ing Dêmak, para wadya padha sênêng-sênêng lan
suka-suka nutug, para santri padha trêbangan lan dhêdhikiran, padha angucap
sukur lan bungah bangêt dene Sang Prabu wis kondur sarta bisa mênang pêrange.
Sunan Benang mêthukake kondure Sang Prabu Jimbun, Sang Nata banjur matur
marang Sunan Benang yen Majapahit wis kêlakon bêdhah, layang-layang Buddha iya
wis diobongi kabeh, sarta ngaturake yen ingkang rama lan Raden Gugur lolos,
Patih Majapahit mati ana samadyaning papêrangan, Putri Cêmpa wis diaturi
ngungsi mênyang Benang, wadya Majapahit sing wis têluk banjur padha dikon
Islam.
Sunan Benang mirêngake ature Sang Prabu Jimbun, gumujêng karo
manthuk-manthuk, sarta ngandika yen wis cocog karo panawange.
Sang Prabu matur, yen kondure uga mampir ing Ngampeldênta, sowan ingkang
eyang Nyai Agêng Ngampel, ngaturake yen mêntas saka Majapahit, sarta nyuwun idi
ênggone jumênêng Nata, nanging ana ing Ngampel malah didukani sarta
diuman-uman, ênggone ora ngrêti marang kabêcikane Sang Prabu Brawijaya, nanging
sawise, banjur didhawuhi ngupaya ingkang rama, apa sapangandikane Nyai Agêng
Ngampel diaturake kabeh marang Sunan Benang.
Sunan Benang sawise mirêngake ature Sang Nata ing batos iya kêduwung, rumaos
lupute, dene ora ngelingi marang kabêcikane Sang Prabu Brawijaya. Nanging rasa
kang mangkono mau banjur dislamur ing pangandika, samudanane nyalahake Sang
Prabu Brawijaya lan Patih, ênggone ora karsa salin agama Islam.
Sunan Benang banjur ngandika, yen dhawuhe Nyai Agêng Ngampel ora pêrlu
dipanggalih, amarga panimbange wanita iku mêsthi kurang sampurna, luwih bêcik
ênggone ngrusak Majapahit dibanjurake, yen Prabu Jimbun mituhu dhawuhe Nyai
Ngampeldênta, Sunan Benang arêp kondur mênyang ‘Arab, wusana Prabu Jimbun
banjur matur marang Sunan Benang, yen ora nglakoni dhawuhe Nyai Ngampel,
mêsthine bakal oleh sabda kang ora bêcik, mula iya wêdi.
Sunan Benang paring dhawuh marang Sang Prabu, yen ingkang rama mêksa kondur
mênyang Majapahit, Sang Prabu didhawuhi sowan nyuwun pangapura kabeh
kaluputane, dene yen arêp ngaturi jumênêng Nata maneh, aja ana ing tanah Jawa,
amarga mêsthi bakal ngribêdi lakune wong kang padha arêp salin agama Islam,
supaya dijumênêngake ana seje nagara ing sajabaning tanah Jawa.
Sunan Giri banjur nyambungi pangandika, mungguh prayoganing laku supaya ora
ngrusakake bala, Sang Prabu Brawijaya sarta putrane bêcik ditênung bae, awit
yen mateni wong kapir ora ana dosane.
Sunan Benang sarta Prabu Jimbun wis nayogyani panêmune Sunan Giri kang
mangkono mau.
Gênti kang cinarita, tindake Sunan kalijaga ênggone ngupaya Sang Prabu
Brawijaya, mung didherekake sakabat loro lakune kêlunta-lunta, sabên desa
diampiri, saka ênggone ngupaya warta. Lampahe Sunan Kalijaga turut pasisir
wetan, sing kalangkungan tindake Sang Prabu Brawijaya.
Lampahe Sang Prabu Brawijaya wis têkan ing Blambangan, sarehne wis kraos
sayah banjur kendêl ana sapinggiring beji. Ing wêktu iku panggalihe Sang Prabu
pêtêng bangêt, dene sing marak ana ngarsane mung kêkasih loro, iya iku
Nayagenggong lan Sabdapalon, abdi loro mau tansah gêguyon, lan padha mikir kahaning
lêlakon kang mêntas dilakoni, ora antara suwe kêsaru sowanne Sunan Kalijaga,
banjur ngabêkti sumungkêm padane Sang Prabu.
Sang Prabu banjur ndangu marang Sunan Kalijaga: “Sahid! kowe têka ana apa?
Apa prêlune nututi aku?”
Sunan Kalijaga matur: “Sowan kula punika kautus putra paduka, madosi
panjênêngan paduka, kapanggiha wontên ing pundi-pundi, sêmbah sungkêmipun
konjuka ing pada paduka Aji, nuwun pangaksama sadaya kasisipanipun, dene
ngantos kamipurun ngrêbat kaprabon paduka Nata, awit saking kalimputing manah
mudha punggung, botên sumêrêp tata krami, sangêt kapenginipun mêngku praja
angreh wadyabala, sineba ing para bupati. Samangke putra paduka rumaos ing
kalêpatanipun, dene darbe bapa Ratu Agung ingkang anyêngkakakên saking ngandhap
aparing darajat Adipati ing Dêmak, tangeh malêsa ing sih paduka Nata, ing
mangke putra paduka emut, bilih panjênêngan paduka linggar saking praja botên
kantênan dunungipun, punika putra paduka rumaos yen mêsthi manggih dêdukaning
Pangeran. Mila kawula dinuta madosi panjênêngan paduka, kapanggiha wontên ing
pundi-pundi ingaturan kondur rawuh ing Majapahit, têtêpa kados ingkang wau-wau,
mêngku wadya sineba para punggawa, aweta dados jêjimat pinundhi-pundhi para
putra wayah buyut miwah para santana, kinurmatan sinuwunan idi wilujêngipun
wontên ing bumi. Manawi paduka kondur, putra paduka pasrah kaprabon paduka
Nata, putra paduka nyaosakên pêjah gêsang, yen kaparêng saking karsa paduka,
namung nyuwun pangaksama paduka, sadayaning kalêpatanipun, lan nyuwun
pangkatipun lami dados Adipati ing Dêmak, têtêpa kados ingkang sampun. Dene yen
panjênêngan paduka botên karsa ngasta kaprabon Nata, sinaosan kadhaton wontên
ing rêdi, ing pundi sasênênging panggalih paduka, ing rêdi ingkang karsakakên
badhe dipundhêpoki, putra paduka nyaosi busana lan dhahar paduka, nanging
nyuwun pusaka Karaton ing tanah Jawa, dipunsuwun ingkang rila têrusing
panggalih”.
Sang Prabu Brawijaya ngandika: “Ingsun-rungu aturira, Sahid! nanging ora
ingsun-gatekake, karana ingsun wis kapok rêmbugan karo santri padha nganggo
mata pitu, padha mata lapisan kabeh, mula blero pandulune, mawas ing ngarêp
nanging jêbul anjênggung ing buri, rêmbuge mung manis ana ing lambe, batine
angandhut pasir kinapyukake ing mata, murih picêka mataku siji. Sakawit ingsun
bêciki, walêse kaya kênyung buntut, apa ta salah-ingsun, têka rinusak tanpa
prakara, tinggal tata adat caraning manusa, mukul pêrang tanpa panantang, iku
apa nganggo tataning babi, dadi dudu tataning manusa kang utama”.
Sunan Kalijaga barêng ngrungu pangandikane Sang Prabu rumasa ing kaluputane
ênggone melu mbêdhah karaton Majapahit, ing batin bangêt panalangsane, dene
kadudon kang wis kêbanjur, mula banjur ngrêrêpa, ature: “Inggih saduka-duka
paduka ingkang dhumawa dhatêng putra wayah, mugi dadosa jimat paripih,
kacancang pucuking rema, kapêtêk wontên ing êmbun, mandar amêwahana cahya
nurbuwat ingkang wêning, rahayunipun para putra wayah sadaya. Sarehning sampun
kalêpatan, punapa malih ingkang sinuwun malih, kajawi namung pangapuntên
paduka. wangsul karsa paduka karsa tindak dhatêng pundi?”
Sang Prabu Brawijaya ngandika: “Saiki karsaningsun arsa tindak mênyang Bali,
kêtêmu karo yayi Prabu Dewa agung ing Kêlungkung, arsa ingsun-wartani
pratingkahe si Patah, sikara wong tuwa kang tanpa dosa, lan arsa ingsun-kon
nimbali para Raja kanan kering tanah jawa, samêkta sakapraboning pêrang, lan
Adipati Palembang sun-wehi wêruh, yen anake karo pisan satêkane tanah Jawa
sun-angkat dadi Bupati, nanging ora wêruh ing dalan, banjur wani mungsuh bapa
Ratu, sun-jaluk lilane anake arêp ingsun pateni, sabab murtat wani ing bapa
kapindhone Ratu, lan ingsun arsa angsung wikan marang Hongte ing Cina, yen
putrane wis patutan karo ingsun mêtu lanang siji, ananging ora wêruh ing dalan,
wani mungsuh bapa ratu, iya ingsun-jaluk lilane, yen putune arsa ingsun-pateni,
ingsun njaluk biyantu prajurit Cina, samêkta sakapraboning pêrang, njujuga
nagari Bali. Yen wis samêkta sawadya prajurit, sarta padha eling marang
lêlabêtan kabêcikaningsun, lan duwe wêlas marang wong wungkuk kaki-kaki, yêkti
padha têka ing Bali sagêgamaning pêrang, sun-jak marang tanah Jawa angrêbut
kapraboningsun, iya sanadyan pêrang gêdhe gêgêmpuran amungsuh anak, ingsun ora
isin, awit ingsun ora ngawiti ala, aninggal carane wong agung.”
Sunan Kalijaga ngrungu dhawuhe Sang Prabu kang mangkono iku ing sanalika
mung dhêlêg-dhêlêg, ngandika sajroning ati: “Tan cidra karo dhawuhe Nyai Agêng
Ngampelgadhing, yen eyang wungkuk isih mbrêgagah nggagahi nagara, ora nyawang
wujuding dhiri, kulit kisut gêgêr wungkuk. Lamun iki ngantiya nyabrang marang Bali,
ora wurung bakal ana pêrang gêdhe tur wadya ing Dêmak masa mênanga, amarga
katindhihan luput, mungsuh ratu pindho bapa, kaping têlune kang mbêciki, wis
mêsthi bae wong Jawa kang durung Islam yêkti asih marang Ratu tuwa, angantêp
tangkêping jurit, mêsthi asor wong Islam tumpês ing pêpêrangan.”
Wusana Sunan Kalijaga matur alon: “Dhuh pukulun Jêng Sang Prabu! saupami
paduka lajêngna rawuh ing bali, nimbali para Raja, saestu badhe pêrang
gêgêmpuran, punapa botên ngeman risakipun nagari Jawi, sampun tamtu putra
paduka ingkang badhe nêmahi kasoran, panjênêngan paduka jumênêng Nata botên
lami lajêng surud, kaprabon Jawi kaliya ing sanes darah paduka Nata, saupami
kados dene sêgawon rêbatan bathang, ingkang kêrah tulus kêrah têtumpêsan sami
pêjah sadaya daging lan manah kathêda ing sêgawon sanesipun”.
Sang prabu Brawijaya ngandika: “Mungguh kang mangkono iki luwih-luwih
karsane Dewa Kang Linuwih, ingsun iki Ratu Binathara, nêtêpi mripat siji, ora
nganggo mata loro, mung siji marang bênêr paningalku, kang miturut adat
pranatane para lêluhur. Saupama si Patah ngrasa duwe bapa ingsun, kêpengin dadi
Ratu, disuwun krananing bêcik, karaton ing tanah Jawa, iya sun-paringake krana
bêcik, ingsun wis kaki-kaki, wis warêg jumênêng Ratu, nrima dadi pandhita,
pitêkur ana ing gunung. Balik samêngko si Patah siya mring sun, mêsthine-ingsun
iya ora lila ing tanah Jawa diratoni, luwih karsaning Jawata Gung, pamintane
marang para titah ing wuri.”
Sunan Kalijaga barêng mirêng pangandikane Sang Prabu, rumasa ora kaconggah
ngaturi, mula banjur nyungkêmi pada, sarta banjur nyaosake cundrike karo matur,
yen Sang Prabu ora karsa nglampahi kaya ature Sunan Kalijaga, Sunan Kalijaga
nyuwun supaya dipateni bae, amarga lingsêm manawa mêruhi lêlakon kang saru.
Sang Prabu nguningani patrape Sunan kalijaga kang mangkono mau, panggalihe
kanggêg, mula nganti suwe ora ngandika tansah têbah jaja karo nênggak waspa,
sêrêt pangandikane: “Sahid! linggiha dhisik, tak-pikire sing bêcik,
tak-timbange aturmu, bênêr lan lupute, têmên lan gorohe, amarga aku kuwatir yen
aturmu iku goroh kabeh. Sumurupa Sahid! saupama aku kondur marang Majapahit, si
Patah seba mênyang aku, gêthinge ora bisa mari, amarga duwe bapa Buddha kawak
kapir kupur, liya dina lali, aku banjur dicêkêl dibiri, dikon tunggu lawang
pungkuran, esuk sore diprêdi sêmbahyang, yen ora ngrêti banjur diguyang ana ing
blumbang dikosoki alang-alang garing.”
Sang Prabu mbanjurake pangandikane marang Sunan Kalijaga: “Mara pikirên,
Sahid! saiba susahing atiku, wong wis tuwa, nyêkrukuk, kok dikum ing banyu”.
Sunan Kalijaga gumujêng karo matur: “Mokal manawi makatên, benjing kula
ingkang tanggêl, botên-botênipun manawi putra paduka badhe siya-siya dhatêng
panjênêngan paduka, dene bab agami namung kasarah sakarsa paduka, namung
langkung utami manawi panjênêngan paduka karsa gantos sarak rasul, lajêng
nyêbut asmaning Allah, manawi botên karsa punika botên dados punapa, tiyang
namung bab agami, pikêkahipun tiyang Islam punika sahadat, sanadyan salat
dhingklak-dhingkluk manawi dereng mangrêtos sahadat punika inggih têtêp nama
kapir”.
Sang Prabu ngandika: “Sahadat iku kaya apa, aku kok durung ngrêti, coba
ucapna tak-rungokne”.
Sunan kalijaga banjur ngucapake sahadat: ashadu ala ilaha ila’llah, wa
ashadu anna Mukhammadar-Rasulu’llah, têgêsipun: Ingsung anêkseni, ora ana
Pangeran kang sajati, amung Allah, lan anêkseni, Kangjêng Nabi Mukhammad iku
utusane Allah”.
Ature Sunan Kalijaga marang Sang Prabu: “Tiyang nêmbah dhatêng arah kemawon,
botên sumêrêp wujud têgêsipun, punika têtêp kapiripun, lan malih sintên tiyang
ingkang nêmbah puji ingkang sipat wujud warni, punika nêmbah brahala namanipun,
mila tiyang punika prêlu mangrêtos dhatêng lair lan batosipun. Tiyang ngucap
punika kêdah sumêrêp dhatêng ingkang dipunucapakên, dene têgêsipun Nabi
Mukhammad Rasula’llah: Mukhammad punika makam kuburan, dados badanipun tiyang
punika kuburipun rasa sakalir, muji badanipun piyambak, botên muji Mukhammad
ing ‘Arab, raganipun manusa punika wêwayanganing Dzating Pangeran, wujud makam
kubur rasa, Rasul rasa kang nusuli, rasa pangan manjing lesan, Rasule minggah
swarga, lu’llah, luluh dados êndhut, kasêbut Rasulu’llah punika rasa ala ganda
salah, riningkês dados satunggal Mukhammad Rasula’llah, kang dhingin wêruh
badan, kaping kalih wêruh ing têdhi, wajibipun manusa mangeran rasa, rasa lan têdhi
dados nyêbut Mukhammad rasulu’llah, mila sêmbahyang mungêl “uzali” punika
têgêsipun nyumêrêpi asalipun. Dene raganipun manusa punika asalipun saking roh
idlafi, rohipun Mukhammad Rasul, têgêsipun Rasul rasa, wijile rasaning urip,
mêdal saking badan kang mênga, lantaran ashadualla, manawi botên mêngrêtos
têgêsipun sahadat, botên sumêrêp rukun Islam, botên mangrêtos purwaning
dumados”.
Sunan kalijaga ature akeh-akeh, nganti Prabu Brawijaya karsa santun agama
Islam, sawise banjur mundhut paras marang Sunan Kalijaga nanging remane ora
têdhas digunting, mulane Sunan Kalijaga banjur matur, Sang Prabu diaturi Islam
lair batos, amarga yen mung lair bae, remane ora têdhas digunting. Sang Prabu
banjur ngandika yen wis lair batos, mulane kêna diparasi.
Sang Prabu sawise paras banjur ngandika marang Sabdapalon lan Nayagenggong:
“Kowe karo pisan tak-tuturi, wiwit dina iki aku ninggal agama Buddha, ngrasuk
agama Islam, banjur nyêbut asmaning Allah Kang Sajati. Saka karsaku, kowe
sakarone tak-ajak salin agama Rasul tinggal agama Buddha”.
Sabdapalon ature sêndhu: “Kula niki Ratu Dhang Hyang sing rumêksa tanah
Jawa. Sintên ingkang jumênêng Nata, dados momongan kula. Wiwit saking lêluhur
paduka rumiyin, Sang Wiku Manumanasa, Sakutrêm lan Bambang Sakri, run-tumurun
ngantos dumugi sapriki, kula momong pikukuh lajêr Jawi, kula manawi tilêm
ngantos 200 taun, sadangunipun kula tilêm tamtu wontên pêpêrangan sadherek
mêngsah sami sadherek, ingkang nakal sami nêdha jalma, sami nêdha bangsanipun
piyambak, dumugi sapriki umur-kula sampun 2000 langkung 3 taun, momong lajêr
Jawi, botên wontên ingkang ewah agamanipun, nêtêpi wiwit sapisan ngestokakên
agami Buddha. Sawêg paduka ingkang karsa nilar pikukuh luhur Jawi. Jawi
têgêsipun ngrêti, têka narimah nama Jawan, rêmên manut nunut-nunut, pamrihipun
damêl kapiran muksa paduka mbenjing.”
Sabdane Wiku tama sinauran gêtêr-patêr.
Sang Prabu Brawijaya sinêmonan dening Jawata, ênggone karsa mlêbêt agama
Rasul, iya iku rêrupan kahanan ing dunya ditambahi warna têlu: 1: aran sukêt
Jawan, 2: pari Randanunut, lan 3: pari Mriyi.
Sang Prabu andangu maneh: “Kapriye kang padha dadi kêkêncênganmu, apa gêlêm
apa ora ninggal agama Buddha, salin agama Rasul, nyêbut Nabi Mukhammad
Rasula’llah panutaning para Nabi, lan nyêbut asmaning Allah Kang Sajati?”
Sabdapalon ature sêndhu: “Paduka mlêbêt piyambak, kula botên têgêl ningali
watak siya, kados tiyang ‘Arab. Siya punika têgêsipun ngukum, tur siya dhatêng
raga, manawi kula santun agami, saestu damêl kapiran kamuksan-kula, ing
benjing, dene ingkang mastani mulya punika rak tiyang ‘Arab sarta tiyang Islam
sadaya, anggenipun ngalêm badanipun piyambak. Manawi kula, mastani botên urus,
ngalêm saening tangga, ngapêsakên badanipun piyambak, kula rêmên agami lami,
nyêbut Dewa Ingkang Linangkung.
Jagad punika raganipun Dewa ingkang asipat budi lan hawa, sampun dados
wajibipun manusa punika manut dhatêng eling budi karêpan, dados botên
ngapirani, manawi nyêbut Nabi Mukhammad Rasulu’llah, têgêse Mukhammad niku
makaman kubur, kubure rasa kang salah, namung mangeran rasa wadhag wadhahing
êndhut, namung tansah nêdha eca, botên ngengêti bilahinipun ing wingking, mila
nami Mukhammad inggih makaman kuburan sakalir, roh idlafi têgêsipun lapisan,
manawi sampun risak wangsul dhatêng asalipun malih. Wangsul Prabu Brawijaya
lajêng manggen wontên pundi. Adam punika muntêl kaliyan Hyang Brahim, têgêsipun
kêbrahen nalika gêsangipun, botên manggih raos ingkang saestu, nanging
tangining raos wujud badan, dipunwastani Mukhammadun, makaman kuburing rasa,
jasanipun budi, dados sipatipun tiyang lan raos. Manawi dipunpundhut ingkang
Mahakuwasa, sarira paduka sipate tiyang wujud dados, punika dadosipun piyambak,
lantaranipun ngabên awon, bapa biyung botên damêl, mila dipunwastani anak,
wontênipun wujud piyambak, dadosipun saking gaib samar, saking karsaning
Latawalhujwa, ingkang nglimputi wujud, wujudipun piyambak, risak-risakipun
piyambak, manawi dipunpundhut dening Ingkang Maha Kuwasa, namung kantun rumaos
lan pangraos ingkang paduka-bêkta dhatêng pundi kemawon, manawi dados dhêmit
ingkang têngga siti, makatên punika ingkang nistha, namung prêlu nênggani
daging bacin ingkang sampun luluh dados siti, makatên wau têtêp botên wontên
prêlunipun. Ingkang makatên punika amargi namung saking kirang budi kawruhipun,
kala gêsangipun dereng nêdha woh wit kawruh lan woh wit budi, nrimah pêjah
dados setan, nêdha siti ngajêng-ajêng tiyang ngirim sajen tuwin slamêtanipun,
ing têmbe tilar mujijat rakhmat nyukani kiyamat dhatêng anak putunipun ingkang
kantun. Tiyang pêjah botên kêbawah pranataning Ratu ing lair, sampun mêsthi
sukma pisah kaliyan budi, manawi tekadipun sae inggih nampeni kamulyan, nanging
manawi tekadipun awon inggih nampeni siksanipun. Cobi paduka-jawab atur-kula
punika”.
Sang Prabu ngandika: “Mulih marang asale, asal Nur bali marang Nur”.
Sabdapalon matur maneh: “Inggih punika kawruhipun tiyang bingung gêsangipun
rugi, botên gadhah kawruh kaengêtan, dereng nêdha woh kawruh lan budi, asal
siji mantuk satunggal, punika sanes pêjah ingkang utami, dene pêjah ingkang
utami punika sewu satus têlung puluh. Têgêsipun satus punika putus, têlu punika
tilas, puluh punika pulih, wujud malih, wujudipun risak, nanging ingkang risak
namung ingkang asal saking roh idlafi. Uripipun langgêng namung raga pisah
kaliyan sukma, inggih punika sahadat ingkang botên mawi ashadu, gantos roh
idlafi lapisan: sasi surup mêsthi saking pundi asalipun wiwit dados jalmi.
Surup têgêsipun: sumurup purwa madya wasananipun, nêtêpana namane tiyang
lumampah, sampun ebah saking prênahipun mlêbêt mbêkta sir cipta lami”.
Sang Prabu ngandika: “Ciptaku nempel wong kang luwih”. Sabdapalon matur:
“Punika tiyang kêsasar, kados dene kêmladeyan tumemplek wit-witan agêng, botên
bawa piyambak, kamuktenipun namung nêmpil. Punika botên pêjah utami, pêjahipun
tiyang nistha, rêmênipun namung nempel, nunut-nunut, botên bawa piyambak,
manawi dipuntundhung, lajêng klambrangan, dados brêkasakan, lajêng nempel
dhatêng sanesipun malih”.
Sang Prabu ngandika maneh: “Asal suwung aku bali, mênyang suwung, nalika aku
durung maujud iya durung ana apa-apa, dadi patiku iya mangkono”.
Sabdapalon: “Punika pêjahipun tiyang kalap nglawong, botên iman ‘ilmi,
nalika gêsangipun kados kewan, namung nêdha ngombe lan tilêm, makatên punika
namung sagêd lêma sugih daging, dados nama sampun narimah ngombe uyuh kemawon,
ical gêsangipun salêbêtipun pêjah”.
Sang Prabu: “Aku nunggoni makaman kubur, yen wis luluh dadi lêbu”.
Sabdapalon: “Inggih punika pêjahipun tiyang cubluk, dados setan kuburan,
nênggani daging wontên kuburan, daging ingkang sampun luluh dados siti, botên
mangrêtos santun roh hidlafi enggal. Inggih punika tiyang bodho mangrêtosa.
Nun!”
Sang Prabu ngandika: “Aku arêp muksa saragaku”.
Sabdapalon gumuyu: “Yen tiyang agami Rasul têrang botên sagêd muksa, botên
kuwawi ngringkês nguntal raganipun, lêma kakathahên daging. Tiyang pêjah muksa
punika cêlaka, amargi nami pêjah, nanging botên tilar jisim, namanipun botên
sahadat, botên pêjah, botên gêsang, botên sagêd dados roh idlafi enggal, namung
dados gunungan dhêmit”.
Pangandikane Sang Prabu: “Aku ora duwe cipta apa-apa, ora ikhtiar nampik
milih, sakarsane Kang Maha Kuwasa”.
Sabdapalon: “Paduka nilar sipat, botên ngrumaosi yen tinitah linangkung,
nilar wajibing manusa, manusa dipunwênangakên nampik milih, manawi sampun
narimah dados sela, sampun botên prêlu pados ‘ilmi kamulyaning seda”.
Sang Prabu: “Ciptaku arêp mulih mênyang akhirat, munggah swarga seba Kang
maha Kuwasa”.
Sabdapalon matur: “Akhirat, swarga, sampun paduka-bêkta ngaler ngidul,
jagadipun manusa punika sampun mêngku ‘alam sahir kabir, nalika tapêl Adam,
sampun pêpak: akhirat, swarga, naraka ‘arasy kursi. Paduka badhe tindak dhatêng
akhirat pundi, mangke manawi kêsasar lo, mangka ênggene akhirat punika têgêse
mlarat, saênggen- ênggen wontên akhirat, manawi kenging kula-singkiri, sampun
ngantos kula mantuk dhatêng kamlaratan sarta minggah dhatêng akhirat adil
nagari, manawi lêpat jawabipun tamtu dipunukum, dipunbanda, dipunpaksa nyambut
damêl awrat tur botên tampa arta. Klêbêt akhirat nusa Srênggi, nusa têgêsipun
manusa, Srêng têgêsipun padamêlan ingkang awrat sangêt. Ênggi têgêsipun gawe.
Dados têgêsipun jalma pinêksa nyambut damêl dhatêng Ratu Nusa Srênggi
namanipun, punapa botên cilaka, tiyang gêsang wontên ing dunya kados makatên
wau, sakulawargane mung nadhah bêras sapithi, tanpa ulam, sambêl, jangan punika
akhirat ingkang katingal tata lair, manawi akhiratipun tiyang pêjah malah
langkung saking punika, paduka sampun ngantos kondur dhatêng akhirat, sampun
ngantos minggah dhatêng swarga, mindhak kêsasar, kathah rajakaya ingkang wontên
ing ngriku, sadaya sami trima tilêm kêmul siti, gêsangipun nyambut damêl kanthi
paksan, botên salah dipunpragat, paduka sampun ngantos sowan Gusti Allah,
amargi Gusti Allah punika botên kantha botên warna, wujudipun amung asma,
nglimputi wontên ing dunya tuwin ing akhirat, paduka dereng têpang, têpangipun
amung têpang kados cahyanipun lintang lan rêmbulan, kapanggihe cahya murub
dados satunggal, botên pisah botên kumpul, têbihipun botên mawi wangênan, cêlak
botên panggihan, kula botên kuwawi cêlak, punapa malih paduka, Kangjêng Nabi
Musa toh botên kuwawi mandêng dhatêng Gusti Allah, mila Allah botên katingal,
namung Dzatipun ingkang nglimputi sadaya wujud, paduka wiji rohani, sanes
bangsanipun malaekat, manusa raganipun asal saking nutfah, sowan Hyang Latawalhujwa,
manawi panggenanipun sampun sêpuh, nyuwun ingkang enggal, dados botên
wongsal-wangsul, ingkang dipunwastani pêjah gêsang, ingkang gêsang napasipun
taksih lumampah, têgêsipun urip, ingkang têtêp langgêng, botên ewah botên
gingsir, ingkang pêjah namung raganipun, botên ngraosakên kanikmatan, pramila
tumrap tiyang agami Buddha, manawi raganipun sampun sêpuh, suksmanipun mêdal
nyuwun gantos ingkang sae, nglangkungi ingkang sampun sêpuh, nutfah sampun
ngantos ebah saking jagadipun, jagadipun manusa punika langgêng, botên ewah
gingsir, ingkang ewah punika makaming raos, raga wadhag ingkang asal roh
idlafi.
Prabu Brawijaya botên anem botên sêpuh, nanging langgêng manggen wontên
satêngahipun jagadipun, lumampah botên ebah saking panggenanipun, wontên
salêbêting guwa sir cipta kang êning. Gawanên gêgawanmu, ngGêgawa nêdha raga.
Tulis ical, etangan gunggunge: kumpul, plêsatipun wêtaha. Ningali jantung kêtêg
kiwa: surut marga sire cipta, jujugipun ingkang cêtha cêthik cêthak. Punika
pungkasanipun kawruh, kawruhipun tiyang Buddha. Lêbêtipun roh saking cêthak
marginipun, kendêl malih wontên cêthik, mêdal wontên kalamwadi, kentir sagara
rahmat lajêng lumêbêt ing guwa indra-kilaning estri, tibaning nikmat ing
dhasaring bumi rahmat, wontên ing ngriku ki budi jasa kadhaton baitu’llah
ingkang mulya, dadosipun saking sabda kun, dados wontên têngahing jagad
swarganing tiyang sêpuh estri, mila jalma keblatipun wontên têngahing jagad,
jagading tiyang punika guwa sir cipta namanipun, dipunbêkta dhatêng pundi-
pundi botên ewah, umuripun sampun dipunpasthekakên, botên sagêd ewah gingsir,
sampun dipunsêrat wontên lokhil-makful, bêgja cilakanipun gumantung wontên ing
budi nalar lan kawruhipun, ingkang ical utawi kirang ikhtiaripun inggih badhe
ical utawi kirang bêgjanipun. Wiwitanipun keblat sakawan, inggih punika wetan
kilen kidul ler : têgêsipun wetan : wiwitan manusa maujud; têgêsipun kulon :
bapa kêlonan; têgêsipun kidul : estri didudul wêtênge ing têngah; têgêsipun lor
: laire jabang bayi, tanggal sapisan kapurnaman, sênteg sapisan tênunan sampun
nigasi. Têgêsipun pur: jumbuh, na; ana wujud, ma; madhêp dhatêng wujud; jumbuh
punika têgêsipun pêpak, sarwa wontên, mêngku alam sahir kabir, tanggalipun
manusa, lairipun saking tiyang sêpuhipun estri, sarêng tanggalipun kaliyan sadherekipun
kakang mbarêp adhi ragil, kakang mbarêp punika kawah, adhi punika ari-ari,
sadherek ingkang sarêng tanggal gaibipun, rumêksa gêsangipun elingipun
panjanmaning surya, lênggah rupa cahya, kontêning eling sadayanipun, siyang
dalu sampun sumêlang dhatêng sadaya rêrupen, ingkang engêt sadayanipun, surup
lan tanggalipun sampun samar : kala rumiyin, sapunika lan benjing, punika
kawruhipun tiyang Jawi ingkang agami Buddha. Raga punika dipunibaratakên baita,
dene suksmanipun inggih punika tiyang ingkang wontên ing baita wau, ingkang
nêdahakên pandomipun, manawi baitanipun lumampah mangka salah pandomipun, tamtu
manggih cilaka, baita pêcah, tiyangipun rêbah. Pramila kêdah ingkang mapan,
mumpung baitanipun taksih lumampah, manawi botên mapan gêsangipun, pêjah malih
sagêda mapan, nêtêpi kamanusanipun, manawi baitanipun bibrah, inggih pisah
kaliyan tiyangipun; têgêsipun suksma ugi pisah kaliyan budi, punika namanipun
sahadat, pisahipun kawula kaliyan Gusti, sah têgêsipun pisah, dat punika
Dzating Gusti, manawi sampun pisah raga suksma, budinipun lajêng santun
baitu’llah, napas tali, muji dhatêng Gusti, manawi pisaha raga suksma lan budi,
mrêtitis ingkang botên-botên, yen tunggal, kabêsaran, tanggalipun botên surup
salaminipun, punika kêdah ingkang waspada, ngengêtana dhatêng asaling kawula,
kawula ugi wajib utawi wênang matur dhatêng Gusti, nyuwun baitu’llah ingkang
enggal, ngungkulana ingkang lami. Raganing manusa punika namanipun baitu’llah,
inggih prau gaweyaning Allah, dadosipun saking sabda kun, manawi baitanipun
tiyang Jawi sagêd mapan santun baitu’llah malih ingkang sae, baitanipun tiyang
Islam gêsangipun kantun pangrasa, praunipun sampun rêmuk, manawi suksma punika
pêjah ing ‘alam dunya suwung, botên wontên tiyang, manawi tiyang punika têrus
gêsang, ing dunya kêbak manusa, lampahipun saking ênem urut sêpuh, ngantos roh
lapisan, sanadyan suksmanipun tiyang, nanging manawi tekadipun nasar, pêjahipun
manjalma dados kuwuk, sanadyan suksmanipun kewan, nanging sagêd manjalma dados
tiyang (kajêngipun, adiling Kawasa tiyang punika pinasthi ngundhuh wohing
panggawene piyambak-piyambak). Nalika panjênênganipun Bathara Wisnu jumênêng
Nata wontên ing Mêndhang Kasapta, sato wana tuwin lêlêmbut dipuncipta dados
manusa, dados wadya-balanipun Sang Nata. Nalika eyang paduka Prabu Palasara
iyasa kadhaton wontên ing Gajahoya, sato wana tuwin lêlêmbut inggih dipuncipta
dados tiyang, pramila gandanipun tiyang satunggal-satunggalipun beda-beda,
gandanipun kadosdene nalika taksih dados sato kewan. Sêrat tapak Hyang, ingkang
dipunwastani Sastrajendrayuningrat, dados saking sabda kun, ingkang
dipunwastani jithok têgêsipun namung puji thok. Dewa ingkang damêl cahya murub
nyrambahi badan, têgêsipun incêngên aneng cêngêlmu. Jiling punika puji eling
marang Gusti. Punuk têgêsipun panakna. Timbangan têgêsipun salang. Pundhak
punika panduk, urip wontên ing ‘alam dunya pados kawruh kaliyan woh kuldi,
manawi angsal woh kuldi kathah, untungipun sugih daging, yen angsal woh kawruh
kathah, kenging kangge sangu gêsang, gêsang langgêng ingkang botên sagêd pêjah.
Têpak têgêsipun têpa-tapanira. Walikat: walikane gêsang. Ula-ula: ulatana,
lalarên gêgêrmu sing nggligir. Sungsum têgêsipun sungsungên. Lambung: waktu
Dewa nyambung umur, alamipun jalma sambungan, lali eling urip mati. Lêmpeng
kiwa têngên têgêsipun tekadmu sing lêmpêng lair batin, purwa bênêr lawan luput,
bêcik lawan ala. Mata têgêsipun tingalana batin siji, sing bênêr keblatira,
keblat lor bênêr siji. Têngên têgêsipun têngênên ingkang têrang, wontên ing
dunya amung sadarmi ngangge raga, botên damêl botên tumbas. Kiwa têgêsipun:
raga iki isi hawa kêkajêngan, botên wênang ngêkahi pêjah. Makatên punika
ungêling sêrat. Manawi paduka maibên, sintên ingkang damêl raga? Sintên ingkang
paring nama? inggih namung Latawalhujwa, manawi paduka maibên, paduka têtêp
kapir, kapiran seda paduka, botên pitados dhatêng sêratipun Gusti, sarta murtat
dhatêng lêluhur Jawi sadaya, nempel tosan, kajêng sela, dados dhêmit têngga
siti, manawi paduka botên sagêd maos sastra ingkang wontên ing badanipun
manusa, saseda paduka manjalma dhatêng kuwuk, dene manawi sagêd sagêd maos
sastra ingkang wontên ing raga wau, saking tiyang inggih dados tiyang, kasêbut
ing sêrat Anbiya, Kanjêng Nabi Musa kala rumiyin tiyang ingkang pêjah wontên
ing kubur, lajêng tangi malih, gêsangipun gantos roh lapis enggal, gantos makam
enggal. Manawi paduka ngrasuk agami Islam, tiyang Jawi tamtu lajêng Islam
sadaya. Manawi kula, wadhag alus-kula sampun kula-cakup lan kula-carub, sampun
jumbuh dados satunggal, inggih nglêbêt inggih jawi, dados kantun sasêdya-kula
kemawon, ngadam utawi wujud sagêd sami sanalika, manawi kula kêpengin badhe
wujud, inggih punika wujud-kula, sêdya ngadam, inggih sagêd ical sami sanalika,
yen sêdya maujud sagêd katingal sanalika. Raga-kawula punika sipating Dewa,
badan-kawula sakojur gadhah nama piyambak-piyambak. Cobi paduka-dumuk: pundi
wujudipun Sabdapalon, sampun kalingan pajar, saking pajaripun ngantos sampun
botên katingal wujudipun Sabdapalon, kantun asma nglimputi badan, botên ênem
botên sêpuh, botên pêjah botên gêsang, gêsangipun nglimputi salêbêting
pêjahipun, dene pêjahipun nglimputi salêbêting gêsangipun, langgêng
salaminipun”.
Sang Prabu ndangu: “Ana ing ngêndi Pangeran Kang Sajati?”
Sabdapalon matur: “Botên têbih botên cêlak, paduka wayangipun wujud sipating
suksma, dipunanggêp sarira tunggal, budi hawa badan, tiga-tiga punika
tumindakipun; botên pisah, nanging inggih botên kumpul. Paduka punika sampun
Ratu linuhung tamtu botên badhe kêkilapan dhatêng atur-kula punika”.
Sang Prabu ngandika maneh: “Apa kowe ora manut agama?”
Sabdapalon ature sêndhu: “Manut agami lami, dhatêng agami enggal botên
manut! Kenging punapa paduka gantos agami têka botên nantun kula, paduka punapa
kêkilapan dhatêng nama kula Sabdapalon? Sabda têgêsipun pamuwus, Palon: pikukuh
kandhang. Naya têgêsipun ulat, Genggong: langgêng botên ewah. Dados
wicantên-kula punika, kenging kangge pikêkah ulat pasêmoning tanah Jawi,
langgêng salaminipun.”
Sang Prabu ngandika: “Kapriye iki, aku wis kêbacut mlêbu agama Islam, wis
disêkseni Sahid, aku ora kêna bali agama Buddha maneh, aku wirang yen digêguyu
bumi langit.”
Sabdapalon matur maneh: “Inggih sampun, lakar paduka-lampahi piyambak, kula
botên tumut-tumut.” Sunan Kalijaga banjur matur marang Sang Prabu, kang
surasane ora prêlu manggalih kang akeh-akeh, amarga agama Islam iku mulya
bangêt, sarta matur yen arêp nyipta banyu kang ana ing beji, prêlu kanggo
tandha yêkti, kapriye mungguh ing gandane. Yen banyu dicipta bisa ngganda
wangi, iku tandha yen Sang Prabu wis mantêp marang agama Rasul, nanging yen
gandane ora wangi, iku anandhakake: yen Sang Prabu isih panggalih Buddha. Sunan
Kalijaga banjur nyipta, padha sanalika banyu sêndhang banjur dadi wangi
gandane, ing kono Sunan kalijaga matur marang Sang Prabu, kaya kang wis
kathandha, yen Sang Prabu nyata wis mantêp marang agama Rasul, amarga banyu
sêndhang gandane wangi. (11)
Ature Sabdapalon marang Sang Prabu: Punika kasêkten punapa? kasêktening uyuh
kula wingi sontên, dipunpamerakên dhatêng kula. Manawi kula timbangana nama
kapilare, mêngsah uyuh-kula piyambak, ingkang kula rêbat punika? Paduka sampun
kêlajêng kêlorob, karsa dados jawan, irib-iriban, rêmên manut nunut-nunut,
tanpa guna kula êmong, kula wirang dhatêng bumi langit, wirang momong tiyang
cabluk, kula badhe pados momongan ingkang mripat satunggal, botên rêmên momong
paduka. Manawi kula sumêdya ngêdalakên kaprawiran, toya kula-êntut sêpisan
kemawon, sampun dados wangi. Manawi paduka botên pitados, kang kasêbut ing
pikêkah Jawi, nama Manik Maya, punika kula, ingkang jasa kawah wedang
sanginggiling rêdi rêdi Mahmeru punika sadaya kula, adi Guru namung ngideni
kemawon, ing wêkdal samantên tanah Jawi sitinipun gonjang-ganjing, saking
agênging latu ingkang wontên ing ngandhap siti, rêdi-rêdi sami kula êntuti,
pucakipun lajêng anjêmblong, latunipun kathah ingkang mêdal, mila tanah Jawi
lajêng botên goyang, mila rêdi-rêdi ingkang inggil pucakipun, sami mêdal
latunipun sarta lajêng wontên kawahipun, isi wedang lan toya tawa, punika
inggih kula ingkang damêl, sadaya wau atas karsanipun Latawalhujwa, ingkang
damêl bumi lan langit. Punapa cacadipun agami Buddha, tiyang sagêd matur
piyambak dhatêng Ingkang Maha Kuwasa. Paduka yêktos, manawi sampun santun agami
Islam, nilar agami Buddha, turun paduka tamtu apês, Jawi kantun jawan,
Jawinipun ical, rêmên nunut bangsa sanes. Benjing tamtu dipunprentah dening
tiyang Jawi ingkang mangrêti.
Cobi paduka-yêktosi, benjing: sasi murub botên tanggal, wiji bungkêr botên
thukul, dipuntampik dening Dewa, tinanêma thukul mriyi, namung kangge têdha
pêksi, mriyi punika pantun kados kêtos, amargi paduka ingkang lêpat, rêmên
nêmbah sela. Paduka-yêktosi, benjing tanah Jawa ewah hawanipun, wêwah bênter
awis jawah, suda asilipun siti, kathah tiyang rêmên dora, kêndêl tindak nistha
tuwin rêmên supata, jawah salah masa, damêl bingungipun kanca tani. Wiwit
dintên punika jawahipun sampun suda, amargi kukuminipun manusa anggenipun sami
gantos agami. Benjing yen sampun mrêtobat, sami engêt dhatêng agami Buddha
malih, lan sami purun nêdha woh kawruh, Dewa lajêng paring pangapura, sagêd
wangsul kados jaman Buddha jawahipun”.
Sang Prabu mirêng ature Sabdapalon, ing batos rumaos kaduwung bangêt dene
ngrasuk agama Islam, nilar agama Buddha. Nganti suwe ora ngandika, wasana
banjur ngandika, amratelakake yen ênggone mlêbêt agama Islam iku, amarga
kêpencut ature putri Cêmpa, kang ngaturake yen wong agama Islam iku, jarene
besuk yen mati, antuk swarga kang ngungkuli swargane wong kapir.
Sabdapalon matur, angaturake lêpiyan, yen wiwit jaman kuna mula, yen wong
lanang manut wong wadon, mêsthi nêmu sangsara, amarga wong wadon iku utamane
kanggo wadhah, ora wênang miwiti karêp, Sabdapalon akeh-akeh ênggone nutuh
marang Sang Prabu.
Sang Prabu ngandika: “Kok-tutuha iya tanpa gawe, amarga barang wis kêbacut,
saiki mung kowe kang tak-tari, kapriye kang dadi kêkêncênganing tekadmu? Yen
aku mono ênggonku mlêbu agama Islam, wis disêkseni dening si Sahid, wis ora
bisa bali mênyang Buddha mêneh”.
Sabdapalon matur yen arêp misah, barêng didangu lungane mênyang ngêndi,
ature ora lunga, nanging ora manggon ing kono, mung nêtêpi jênênge Sêmar,
nglimputi salire wujud, anglela kalingan padhang. Sang Prabu diaturi ngyêktosi,
ing besuk yen ana wong Jawa ajênêng tuwa, agêgaman kawruh, iya iku sing diêmong
Sabdapalon, wong jawan arêp diwulang wêruha marang bênêr luput.
Sang Prabu karsane arêp ngrangkul Sabdapalon lan Nayagenggong, nanging wong
loro mau banjur musna. Sang Prabu ngungun sarta nênggak waspa, wusana banjur
ngandika marang Sunan Kalijaga: “Ing besuk nagara Blambangan salina jênêng
nagara Banyuwangi, dadiya têngêr Sabdapalon ênggone bali marang tanah Jawa
anggawa momongane. Dene samêngko Sabdapalon isih nglimput aneng tanah sabrang”.
Sunan Kalijaga banjur didhawuhi nêngêri banyu sêndhang, yen gandane mari wangi,
besuk wong Jawa padha ninggal agama Islam ganti agama Kawruh.
Sunan Kalijaga banjur jasa bumbung loro kang siji diiseni banyu tawa, sijine
diiseni banyu sêndhang. Banyu sêndhang mau kanggo tandha, yen gandane mari
wangi, wong tanah Jawa padha salin agama kawruh. Bumbung sawise diiseni banyu,
banjur disumpêli godhong pandan-sili, sabanjure digawa sakabate loro.
Sang Prabu Brawijaya banjur tindak didherekake Sunan Kalijaga lan sakabate
loro, tindake kawêngen ana ing dalan, nyare ana ing Sumbêrwaru, esuke bumbunge
dibukak, banyune diambu isih wangi, nuli mbanjurake tindake, wayah surup
srêngenge, wis têkan ing Panarukan. Sang Prabu nyare ana ing kono, ing wayah
esuk, banyu ing bumbu diganda isih wangi, Sang Prabu mbanjurake tindake.
Barêng wis wayah surup srêngenge, têkan ing Bêsuki, Sang Prabu uga nyare ana
ing kono, esuke banyu ing bumbung diganda mundhak wangine, Sang Prabu banjur
nêrusake tindake nganti wayah surup srêngenge, têkan ing Prabalingga, ana ing
kono uga nyare sawêngi, esuke banyune ditiliki, banyune tawa isih enak, nanging
munthuk, unthuke gandane arum, nanging mung kari sathithik, amarga kêrêp
diunjuk ana ing dalan, dene banyune sêndhang barêng ditiliki gandane dadi
bangêr, tumuli dibuwang. Sang Prabu banjur ngandika marang Sunan Kalijaga:
“Prabalingga ing besuk jênênge loro, Prabalingga karo Bangêrwarih 12 ing kene
besuk dadi panggonan kanggo pakumpulane wong-wong kang padha ngudi kawruh
kapintêran lan kabatinan, Prabalingga têgêse prabawane wong Jawa kalingan
prabawane tangga”. Sang Prabu mbanjurake tindake, ing pitung dinane, wis têkan
ing Ampelgadhing. Nyai Agêng Ampelgadhing tumuli mêthukake banjur ngabêkti
marang Sang Prabu karo muwun, sarta akeh-akeh sêsambate.
Sang Prabu banjur ngandika: “Wis aja nangis êngger, mupusa yen kabeh mau wis
dadi karsane Kang Maha Kuwasa, kudu mangkene. Aku lan kowe mung sadarma
nglakoni, kabeh lêlakon wis ditulis aneng lokhilmakful. Bêgja cilaka ora kêna
disinggahi, nanging wajibe wong urip kudu kêpengin mênyang ilmu”.
Nyai Agêng Ampel banjur matur marang Sang Prabu, ngaturake patrape ingkang
wayah Prabu Jimbun, kaya kang wis kasêbut ing ngarêp. Sang Prabu banjur dhawuh
nimbali Prabu Jimbun. Nyai Ampel nuli utusan mênyang Dêmak nggawa layang,
satêkane ing Dêmak, layang wis katur marang Sang Prabu Jimbun, ora antara suwe
Prabu Jimbun budhal sowan mênyang Ampel.
Kacarita putra Nata ing Majapahit, kang aran Raden Bondhankajawan ing Tarub,
mirêng pawarta yen nagara Majapahit dibêdhah Adipati Dêmak, malah Sang Prabu
lolos saka jroning pura, ora karuhan mênyang ngêndi tindake, rumasa ora kapenak
panggalihe, banjur tindak marang Majapahit, tindake Raden Bondhankajawan namur
kula, nungsung warta ing ngêndi dununge ingkang rama, satêkane Surabaya, mirêng
warta yen ingkang rama Sang Prabu têdhak ing Ampel, nanging banjur gêrah, Raden
Bondhankajawan nuli sowan ngabêkti.
Sang Prabu ndangu: “Sing ngabêkti iki sapa?”
Raden Bondhankajawan matur yen panjênêngane kang ngabêkti.
Sang Prabu banjur ngrangkul ingkang putra, gêrahe Sang Prabu sangsaya
mbatêk, ngrumaosi yen wis arêp kondur marang jaman kalanggêngan, pangandikane
marang Sunan Kalijaga mangkene: Sahid, nyêdhaka mrene, aku wis arêp mulih
marang jaman kalanggêngan, kowe gaweya layang mênyang Pêngging lan Pranaraga,
mêngko tak-wenehane tandha asta, wis padha narima rusake Majalêngka, aja padha
ngrêbut kapraboningsun, kabeh mau wis karsane Kang Maha Suci, aja padha pêrang,
mundhak gawe rudahing jagad, balik padha ngemana rusaking wadya-bala, sebaa
marang Dêmak, sapungkurku sing padha rukun, sapa sing miwiti ala, tak-suwun
marang Kang maha Kuwasa, yudane apêsa.”
Sunan Kalijaga banjur nyêrat, sawise rampung banjur ditapak-astani dening
sang Prabu, sabanjure diparingake marang Pêngging lan Pranaraga.
Sang Prabu banjur ngandika: “Sahid, sapungkurku kowe sing bisa momong marang
anak putuku, aku titip bocah iki, saturun-turune êmongên, manawa ana bêgjane,
besuk bocah iki kang bisa nurunake lajêre tanah Jawa, lan maneh wêkasku marang
kowe, yen aku wis kondur marang jaman kalanggêngan, sarekna ing Majapahit
sa-lor-wetane sagaran, dene pasareyaningsun bakal sun-paringi jênêng
Sastrawulan, lan suwurna kang sumare ana ing kono yayi Raja Putri Cêmpa, lan
maneh wêlingku, besuk anak-putuku aja nganti entuk liya bangsa, aja gawe
senapati pêrang wong kang seje bangsa.”
Sunan Kalijaga sawise dipangandikani banjur matur: “Punapa Sang Prabu botên
paring idi dhatêng ingkang putra Prabu Jimbun jumênêngipun Nata wontên ing
tanah Jawi?”
Sang Prabu ngandika: “Sun-paringi idi, nanging mung mandhêg têlung turunan.”
Sunan kalijaga nyuwun sumurup mungguh têgêse araning bakal pasareyane Sang
Prabu.
Sang Prabu ngandika: “Sastra têgêse tulis, Wulan têgêse damaring jagad,
tulise kuburku mung kaya gêbyaring wulan, yen isih ana gêbyaring wulan, ing
têmbe buri, wong Jawa padha wêruh yen sedaku wis ngrasuk agama Islam, mula
tak-suwurake Putri Cêmpa, amarga aku wis diwadonake si Patah, sarta wis ora
dianggêp priya, nganti kaya mangkene siya-siyane marang aku, mulane ênggonku
mangêni madêge Ratu mung têlung turunan, amarga si Patah iku wiji têlu, Jawa,
Cina lan raksasa, mula kolu marang bapa sarta rusuh tindake, mula wêkasku,
anak-putuku aja entuk seje bangsa, amarga sajroning sihsinihan di seje bangsa
mau nganggo ngobahake agamane, bisaa ngapêsake urip, mula aku paring piwêling
aja gawe senapati pêrang wong kang seje jinis, mundhak ngenthengake Gustine,
ing sajroning mangun yuda, banjur mangro tingal, wis Sahid, kabeh pitungkasku,
tulisên.”
Sang Prabu sawise paring pangandika mangkono, astane banjur sidhakêp, têrus
seda, layone banjur disarekake ana ing astana Sastrawulan ing Majapahit,
katêlah nganti saprene kocape kang sumare ana ing kono iku Sang Putri Cêmpa,
dene mungguh satêmêne Putri Cêmpa iku sedane ana ing Tuban, dununing pasareyan
ana ing Karang Kumuning.
Barêng wis têlung dina saka sedane Sang Prabu Brawijaya, kacarita Sultan
Bintara lagi rawuh ing Ampelgadhing sarta kapanggih Nyai Agêng.
Nyai Agêng ngandika: “Wis bêgjane Prabu Jimbun ora nungkuli sedane ingkang
rama, dadi ora bisa ngabêkti sarta nyuwun idi ênggone jumênêng Nata, sarta
nyuwun pangapura kabeh kaluputane kang wis kêlakon”.
Prabu Jimbun ature marang Nyai Agêng, iya mung mupus pêpêsthen, barang wis
kêbacut iya mung kudu dilakoni.
Sultan Dêmak ana ing Ampel têlung dina lagi kondur.
Kacarita Adipati Pêngging lan Pranaraga, iya iku Adipati Andayaningrat ing
Pêngging lan Bathara katong ing Pranaraga, wis padha mirêng pawarta yen nagara
Majapahit dibêdhah Adipati Dêmak, nanging ênggone mbêdhah sinamun sowan riyaya,
dene ingkang rama Sang Prabu lan putra Raden Gugur lolos saka praja, ora
karuhan jujuge ana ing ngêndi, Adipati Pêngging lan Adipati Pranaraga bangêt
dukane, mula banjur dhawuh ngundhangi para wadya sumêdya nglurug pêrang marang
Dêmak, labuh bapa ngrêbut praja, para wadya-bala wis rumanti gêgamaning pêrang
pupuh, mung kari budhale bae, kasaru têkane utusane Sang Prabu maringake layang.
Adipati Pêngging lan Adipati Pranaraga sawise tampa layang lan diwaos, layang
banjur disungkêmi kanthi bangêt ing pamuwune lan bangêt anjêntung panggalihe,
tansah gedheg-gedheg lan gêrêng-gêrêng, wajane kêrot-kêrot, surya katon abang
kaya gêni, lan kawiyos pangandikane sêru, kang surasane nyupatani marang
panjênêngane dhewe, muga aja awet urip, mundhak ndêdawa wirang.
Adipati sakarone padha puguh ora karsa sowan marang Dêmak, amarga saka
putêking panggalihe banjur padha gêrah, ora antara lawas padha nêmahi seda,
dene kaol kang gaib, sedane Adipati Pêngging lan Adipati Pranaraga padha
ditênung dening Sunan Giri, pamrihe supaya aja ngribêdi ing têmbe buri. Mula
carita bêdhahe Majapahit iku mung dicêkak, ora satimbang karo gêdhene nagara
sarta ambane jajahane, amarga aran ambuka wêwadining ratu, putra mungsuh bapa,
yen dirasa satêmêne saru bangêt. Mula carita bêdhahe Majapahit sinêmonan dening
para pujangga wicaksana, mangkene pasêmone:
1] Amarga saka kramate para Wali, kêrise Sunan Giri ditarik mêtu tawone
ngêntupi wong Majapahit.
[2] Sunan Cirêbon badhonge mêtu tikuse maewu-ewu, padha mangani sangu lan
bêkakas jaran, wong Majapahit bubar, amarga wêruh akehing tikus.
[3] Pêthi saka Palembang ana satêngahing paprangan dibukak mêtu dhêmite, wong
Majapahit padha kagegeran amarga ditêluh ing dhêmit.
[4] Sang Prabu Brawijaya sedane mekrad.
Banjure pangandikane kiyai Kalamwadi marang muride kang aran Darmagandhul,
kaya kang kapratelakake ing ngisor iki: Kabeh mau mung pasêmon, mungguh
sanyatane, carita bêdhahing Majapahit iku kaya kang tak-caritakake ing ngarêp.
Nagara Majapahit iku rak dudu barang kang gampang rusake, ewadene bisa rusak
mung amarga dikritiki tikus. Lumrahe tawon iku bubar amarga saka dipangan ing
wong. Alas angkêr akeh dhêmite, bubaring dhêmit yen alase dirusak dening wong,
arêp ditanduri. Nanging yen Majapahit rusake amarga saking tikus, tawon lan
dhêmit, sapa kang ngandêl yen rusake Majapahit amarga tikus, tawon lan dhêmit,
iku pratandha yen wong mau ora landhêp pikire, amarga carita kang mangkono mau
kalêbu aneh lan ora mulih ing nalar, ora cocog lair lan batine, mula mung
kanggo pasêmon, yen dilugokake jênênge ambukak wadine Majapahit, mula mung
dipralambangi pasêmon kang orang mulih karo nalare. Dene têgêse pasêmon mau
mangkene:
Tikus iku watake ikras-ikris, suwe-suwe yen diumbar banjur ngrêbda, têgêse:
para ‘ulama dhek samana, nalika lagi têkane nyuwun panguripan marang sang Prabu
ing Majapahit, barêng wis diparingi, piwalêse ngrusak. Tawon iku nggawa madu
kang rasane manis, gêgamane ana ing silit, dene panggonane ana ing gowok utawa
tala, têgêse: maune têkane nganggo têmbung manis, wusana ngêntup saka ing buri,
dene tala têgêse mêntala ngrusak Majapahit, sapa kang ngrungu padha gawok.
Dene dhêmit diwadhahi pêthi saka Palembang, barêng dibukak muni jumêglug,
têgêse: Palembang iku mlembang, iya iku ganti agama, pêthi têgêse wadhah kang
brukut kanggo madhahi barang kang samar, dhêmit têgêse samar, rêmit, rungsid,
dhêmit iku uga tukang nêluh. Mungguh gênahe mangkene: bêdhahe nagara Majapahit
sarana ditêluh kalayan primpên lan samar, nalika arêp pambêdhahe ora ana rêmbag
apa-apa, samudanane mung sowan garêbêgan, dadi dikagetake, mula wong Majapahit
ora sikêp gêgaman pêrang, wêruh-wêruh Adipati Têrung wis ambantu Adipati Dêmak.
Kuna-kunane ora ana praja gêdhe kaya Majapahit bêdhahe mung saka diêntup ing
tawon sarta dikritiki ing tikus bae, apa dene bubare wong sapraja mung saka
ditêluh ing dhêmit.
Bêdhahe Majapahit swarane jumêgur, kêprungu saka ing ngêndi-êndi nagara, yen
bêdhahe saka binêdhah dening putra, iya iku Wali wolu utawa Sunan wolu kang
padha dimêmule wong Jawa, sangane Adipati Dêmak, kabeh mau padha mbalela
mbalik.
Banjure maneh pangandikane kiyai Kalamwadi: Kandhane guruku Rahaden Budi
Sukardi, sadurunge Majapahit bêdhah, manuk kuntul iku durung ana kang nganggo
kucir, barêng nagara wis ngalih marang Dêmak, kahanan ing dunya nuli malih,
banjur ana manuk kuntul nganggo kucir.
Prabu Brawijaya sinêmonan ing gaib: kêbo kombang atine êntek dimangsa tuma
kinjir, kêbo têgêse ratu sugih, kombang têgêse mênêng swarane kang
mbrêngêngêng, iya iku Prabu Brawijaya panggalihe têlas nalika bêdhahe
Majapahit, kajaba mung kendêl gêrêng-gêrêng bae, ora karsa nglawan pêrang, dene
tuma kijir iku tumane celeng, tuma têgêse tuman, celeng iku iya aran andhapan,
iya iku Raden Patah nalika têkane ana ing Majapahit sumungkêm marang ingkang
rama Sang Prabu, ing wêktu iku banjur diparingi pangkat, têgêse oleh ati saka
Sang Prabu, wusana banjur mukul pêrang ngrêbut nagara, ora ngetung bênêr utawa
luput, nganti ngêntekake panggalihe Sang Prabu.
Dene kuntul nganggo kucir iku pasêmone Sultan Dêmak, ênggone nyêri-nyêri
marang ingkang rama Sang Prabu, dumeh agamane Buddha kawak kapir kupur, mulane
Gusti Allah paring pasêmon, githok kuntul kinuciran, têgêse: tolehên githokmu, ibumu
Putri Cina, ora kêna nyêri-nyêri marang wong seje bangsa, Sang Prabu Jimbun iku
wiji têlu, purwane Jawa, iya iku Sang Prabu Brawijaya, mula Sang Prabu Jimbun
gêdhe panggalihe melik jumênêng Nata, mulane melik ênggal sugih, amarga katarik
saka ibune, dene ênggone kêndêl nanging tanpa duga iku saka wijine Sang Arja
Damar, amarga Arja Damar iku ibune putri raksasa, sênêng yen ngokop gêtih,
pambêkane siya, mula ana kuntul nganggo kucir iku wis karsaning Allah, ora mung
Sunan Dêmak dhewe bae kang didhawuhi ngrumasani kaluputane, nanging sanadyan
para Wali liyane uga didhawuhi ngrumasani, yen ora padha gêlêm ngrumasani
kaluputane, dosane lair batin, mula jênênge Wali ditêgêsi Walikan: dibêciki
malês ngalani.
Dene anane bangsa Cina padha nênêka ana ing tanah Jawa iku dêdongengane
mangkene: Jare, dhek jaman kuna, nalika santri Jawa durung akeh kawruhe, sawise
padha mati, suksmane akeh kang katut angin banjur thukul ana ing tanah China,
mula saiki banjur padha bali mulih marang tanah Jawa, dadi suksmane bangsa mau,
iku mau-maune iya akeh kang suksma Jawa.
Darmagandhul matur: “kiyai! Kang diarani agama Srani iku kang kaya apa?”
Kiyai Kalamwadi banjur nêrangake: “Kang diarani agama Srani iku têgêse
sranane ngabêkti: têmên-têmên ngabêkti marang Pangeran, ora nganggo nêmbah
brahala, mung nêmbah marang Allah, mula sêbutane Gusti Kanjêng Nabi ‘Isa iku
Putrane Allah, awit Allah kang mujudake, mangkono kang kasêbut ing kitab
Anbiya”.
Banjure pangandikane kiyai Kalamwadi.
Sultan Dêmak waskitha ing gaib, rumaos kadukan dening Kang Maha Kuwasa, mula
banjur ngrumaosi kabeh kaluputane, nuli sowan andêdagan ana ing pasareyane
ingkang rama, barêng wis antara têlung dina lawase, kaprênah pusêring kuburan
tanpa sangkan thukul wit-witan warna papat, siji warnane irêng sêmu abang dalah
godhong sarta kêmbange, loro wit sarta kêmbange putih godhonge sêdhêngan, têlu
wit kang godhonge ngrêmbuyut mubêng kaya payung, papat wit kang godhonge lêmbut
sarta mawa êri, lan wêktu iku sajroning pasareyane Sang Prabu kêprungu ana
swara dumêling, mangkene ujaring swara: “Êntek katrêsnanku marang anak. Den
enak mangan turu. Ana gajah digêtak kaya kucing, sanajan matiya ing
tata-kalairane, nanging lah eling-elingên ing besuk, yen wis agama kawruh, ing
têmbe bakal tak-walês, tak-ajar wêruh ing nalar bênêr lan luput, pranatane
mêngku praja, mangan babi kaya dhek jaman Majapahit.”
Sultan Dêmak mirêng swara dumêling kang surasane mangkono iku, ing batos
bangêt kaduwung marang apa kang wis dilampahi, mula nganti suwe njêgrêg ora
bisa ngandika, ngrumaosi klirune dene nuruti rêmbuge para Sunan kabeh, nganti
wani mungsuh ingkang rama sarta ngrusak Majapahit. Iya wiwit titi masa iku
anane wit-witan warna papat kang padha thukul ana ing kuburan, dadi pasêmon
kabeh, iya iku Tlasih, Sêmboja, Turugajah lan Gêtakkucing. Mula nganti tumêka
saprene wit Sêmboja panggonane ana ing kuburan, kêmbang Tlasih kanggo ngirim
para lêluhur, godonge Gêtakkucing yen kasenggol banjur obah, godhonge uga
banjur mingkup kaya dene godhong Gêtakkucing.
Sawise mangkono, Sultan Dêmak banjur kondur, sakondure saka pasareyane
ingkang rama, bangêt panalangsane ing dalêm batos, tansah ngrumaosi ing
kalêpatane.
Sunan Kalijaga uga waskitha ing gaib yen sinêmonan dening Kang Maha Kuwasa,
mula uga bangêt panalangsane sarta ngrumaosi kaluputane, mula banjur mangagêm
sarwa wulung, beda karo para Wali liyane isih padha manganggo sarwa putih.
Kabeh mau ora padha ngrumasani kaluputane, mung Sunan Kalijaga piyambak rumaos
yen kadukan dening Kang Maha Kuwasa, mula bangêt mrêtobate, wasana banjur
pinaringan pangapura dening Allah, sinêmonan wiwit anane orong-orong githoke
tumêka ing punuk disêsêli tataling kayu jati, mungguh karêpe: punukmu panakna,
sajatining ‘ilmu iku ora susah maguru marang wong ‘Arab, ‘ilmuning Gusti Allah
wis ana ing githokmu dhewe-dhewe,wujude puji thok, nanging dudu puji jatining
kawruh, kang ngawruhi sajatining urip, urip dadi wayangan Dzating Pangeran,
manusa bisa apa, mobah mosik mung sadarma nglakoni, budi kang ngobahake, sabda
iku mêtu saka ing karêp, karêp mêtu saka ing budi, budi iku Dzate Kang Maha
Agung, agung iku wis samêkta, tanpa kurang tan wuwuh, tanpa luwih sarta ora
arah ora ênggon.
Kiyai kalamwadi nutugake caritane: “Kandhane guruku Rahaden Budi Sukardi
mangkene: mungguh kang katarima, muji marang Allah iku, iku sindhenan
Dharudhêmble. Têmbung dhar iku têgêse wudhar, ru iku têgêse ruwêt sulit lan
rungsit, dene dhêmble têgêse dhêmbel dadi siji, yen wis sumurup têpunge sarat
sari’at tarekat hakekat lan ma’rifat, iku mau wis muji tanpa ngucap, sarak iku
sarate ngaurip, iya iku nampik milih iktiyar lan manggaota, sari’at iku
saringane kawruh agal alus, tarekat iku kang nimbang lan nandhing bênêr lan
luput, hakekat iku wujud, wujud karsaning Allah, kang ngobahake sarta ngosikake
rasane budi, wêruh ora kasamaran ing sawiji-wiji. Yen kowe wis ngrêti marang
têgêse Dharudhêmble, mêsthi wis marêm marang kawruhmu dhewe. Mangan woh kawruh
lan budi, sêmbahe kaya wêsi kang dilabuh ana ing gêni ilang abange mung rupa
siji, kang muji lan kang dipuji wis nunggal dadi sawiji, dhêmble wujud siji.
Yen kowe wis bisangawruhi surasane kang tak-kandhakake iki, jênênge munajad.
Saupama wong nulup manuk, yen ra wêruh prênahe manuke, masa kênaa, ênggone
nulup mung ngawur. Yen kawruhe wong pintêr ora angel yen disawang, mêtune saka
ing utêk”.
Darmagandhul matur, nyuwun ditêrangake bab ênggone Nabi Adam lan Babu Kawa
padha kêsiku dening Pangeran, sabab saka ênggone padha dhahar wohe kayu Kawruh
kang ditandur ana satêngahing taman Pirdus. Ana maneh kitab kang nêrangake, kang
didhahar Nabi Adam lan Babu Kawa iku woh Kuldi, kang ditandur ana ing swarga.
Mula nyuwun têrange, yen ing kitab Jawa caritane kapriye, kang nyêbutake kok
mung kitab ‘Arab lan kitabe wong Srani.
Kiyai Kalamwadi banjur nêrangake, yen kitabe wong Jawa ora nyêbutake bab
mangkono iku, dene Sajarah Jawa iya ana kang nyêbutake turun Adam, iya kitab
Manik Maya.
Kiyai Kalamwadi banjur ngandhakake: “Sawise buku-buku pathokan agama Buddha
diobongi, amarga mundhak ngrêribêdi agama Rasul, sanadyan buku kang padha disimpêni
dening para wadya, iya dipundhut banjur diobongi, nalika sabêdhahe Majapahit,
sapa kang durung gêlêm nganggo agama Islam banjur dijarah rajah, mula wong-wong
ing kono padha wêdi marang wisesaning Ratu. Dene wong-wong kang wis padha gêlêm
salin agama Rasul, banjur padha diganjar pangkat utawa bumi sarta ora padha
nyangga pajêg, mulane wong-wong ing Majapahit banjur padha ngrasuk agama Islam,
amarga padha melik ganjaran. Ing wêktu iku Sunan Kalijaga, kagungan panggalih,
caritane lêluhure supaya aja nganti pêdhot, banjur iyasa wayang, kanggo gantine
kitab-kitab kuna kang wis padha diobongi. Ratu Mataram uga mangun carita
sajarahe para lêluhur Jawa, buku-buku sakarine, kang isih padha disimpên uga
padha dipundhut kabeh, nanging wis padha amoh, Sang Nata ing Mataram andangu
para wadya, nanging wis padha ora mênangi, wiwit Kraton Gilingwêsi nganti
tumêka Mataram wis ora kasumurupan caritane, buku-buku asli saka ing Dêmak lan
Pajang padha dipriksa, nanging tinêmu tulisan ‘Arab, kitab Pêkih lan Taju-salatina
apa dene Surya-Alam kang kanggo pikukuh, mula Sang Prabu ing Mataram kewran
panggalihe ênggone kagungan karsa iyasa babad carita tanah Jawa. Sang Prabu
banjur dhawuh marang para pujangga, andikakake padha gawe layang Babad Tanah
Jawa, ananging sarehne kang gawe Babad mau ora ngêmungake wong siji bae, mula
ora bisa padha gaweyane, kang diênggo pathokan layang Lokapala, mungguh
caritane kaya kang kasêbut ing ngisor iki”.
Wayahe Nabi Adam iya iku putrane Nabi Sis, arane Sayid Anwar. Sayid Anwar
didukani ingkang rama lan ingkang eyang, amarga wani- wani mangan wohe wit kayu
Budi sêngkêrane Pangeran kang tinandur ana ing swarga. Ciptane Sayid Anwar
supaya kuwasane bisa ngiribi kaya dene kuwasane Pangeran, ora narima yen mung
mangan who Kawruh lan woh Kuldi bae, nanging wohe kayu Budi kang disuwun. Sayid
Anwar miwiti yasa sarengat dhewe, ora karsa ngagêm agamane ingkang rama lan
ingkang eyang, dadi murtat sarta nampik agamane lêluhure, mangkono uga karsa
ngakoni yen turune Adam sarta Sis, pangraose Sayid Anwar iku dadi saka dadine
piyambak, mung waranane bae saka Adam lan Sis, dadine saka budi hawaning
Pangeran. Ênggone Kagungan pamanggih mangkono mau diantêpi bangêt, jalaran
mangkene: asal suwung mulih marang sêpi, bali marang asale maneh. Sarehne Sayid
Anwar banjur lunga nuruti karêping atine, lakune mangetan nganti tumêka ing
tanah Dewani, ana ing kono banjur kêtêmu karo ratuning jin arane Prabu Nuradi,
Sayid Anwar ditakoni iya banjur ngandharake lêlakone kabeh, wusanane Sayid
Anwar diêpek mantu sarta dipasrahi kaprabon, ngratoni para jin, jêjuluk Prabu
Nurcahya, wiwit jumênênge Prabu Nurcahya, jênênge nagara banjur diêlih dadi
aran nagara Jawa. Misuwure, kang jumênêng Nata, Jawa jawi ngrêti kawruh agal
alus. Sawise iku Sang Prabu banjur nganggit sastra mung salikur aksara,
saucaping wong Jawa bisa kaucap, dijênêngake Sastra Endra Prawata. Têmbung
Jawa, ditêgêsi: nguja hawa, karsane Sang Prabu: bisaa rowa, saturun-turune
bisaa jumênêng Nata mêngkoni tanah Jawa. Sang Prabu putrane siji pêparab Sang
Hyang Nurrasa, uga dhaup karo putri jin putrane mung siji iya iku Sang Hyang
Wênang. Sang Hyang Wênang uga dhaup karo putri jin, dene putrane uga mung siji
kakung pêparab Sang Hyang Tunggal, krama oleh putri jin. Sang Hyang Tunggal
pêputra Sang Hyang Guru, kabeh mau turune Sang Hyang Nurcahya, kang padha
didhahar woh wit kayu Budi. Sang Hyang Guru kagungan pangraos yen kuwasane
padha karo Gusti Allah, mula banjur iyasa kadhaton ana pucaking Mahameru, sarta
ngakoni yen purwaning dumadi mêtune asal saka budi hawa nêpsu. Aran Dewa ngaku
misesani mujudake sipat roh, agamane Buddha budi, mangeran digdayane sarta
ngaku Gusti Allah. Sêdya kang mangkono mau iya diideni dening Kang Maha Kuwasa,
sarta kalilan nimbangi jasane Kang Maha Kuwasa. Dewa iku wêrdine ana loro
têgêse: budi hawa, sarta: wadi dawa, mulane agamane Buddha. Sêbutan Dewi:
têgêse: dening wadining wadon iku bisa ngêtokake êndhas bocah.
Darmagandhul didhawuhi nimbang mungguh kang bênêr kang êndi, mangan woh wit
kayu Kawruh, apa wit kayu Budi, apa woh wit Kuldi?
Saka panimbange Darmagandhul, kabeh iku iya bênêr, sênêngan salah siji êndi
kang disênêngi, diantêpi salah siji aja nganti luput. Yen kang dipangan woh wit
kayu Budi, agamane Buddha budi, panyêbute marang Dewa; manawa mangan woh wit
kawruh, pênyêbute marang Kangjêng Nabi ‘Isa, agamane srani, yen sênêng mangan
woh wit kayu Kuldi, agamane Islam, sambate marang nabi panutan; iya iku Gusti
Kangjêng Nabi Rasul; dene yen dhêmên Godhong Kawruh Godhong Budi, panêmbahe
marang Pikkong, sarta manut sarake Sisingbing lan Sicim; salah sijine aja
nganti luput. Yen bisa woh-wohan warna têlu iku mau iya dipangan kabeh, yen
wong ora mangan salah sijine woh mau, mêsthine banjur dadi wong bodho, uripe
kaya watu ora duwe kêkarêpan lan ora mangrêti marang ala bêcik. Dene mungguh
bêcike wong urip iku mung kudu manut marang apa alame bae, dadi ora aran
siya-siya marang uripe, yen Kalifah dhahar woh Budi, iya melu mangan woh Budi,
yen Kalifah dhahar woh kawruh, iya melu mangan who kawruh, yen kalifah dhahar
woh Kuldi, iya melu mangan woh Kuldi. Dene prakara bênêr utawa lupute, uki
Kalifah kang bakal tanggung. Sarehne diênut wong akeh, dadi Panutan kudu kang
bênêr, amarga wong dadi Panutan iku saupama têtuwuhan minangka wite. Yen wong
ora gêlêm manut marang kang bênêre kudu diênut, iku kaya dene iwak kang mêtu
saka ing banyu. Saupama woh ora gêlêm nempel wit, mêsthi dadi glundhungan kang
tanpa dunung. Awit saka iku, mulane wong iku kudu ngelingi marang agamane kang
nurunake, amarga sanadyan saupama ana salahe, Gusti Allah mêsthi paring pangapura.
Darmagandhul matur nyuwun têrange agama Rasul lan liya-liyane, mungguh kang
dadi bedane apa?
Kiyai Kalamwadi banjur nêrangake beda-bedane, yen saka dhawuhe kang Maha
Kuwasa, manusa didhawuhi muja marang agamane. Nanging banjur akeh kang kliru
muja marang barang kang katon, kaya ta kêris, tumbak, utawa liya-liyane barang.
Kang kaya mangkono mau ngrusakake agama, amarga banjur mangeran marang wujud,
satêmah lali marang Pangerane, amarga maro tingal marang barang rêrupan. Wong
urip iku kudu duwe gondhelan agama, amarga yen ora duwe agama mêsthi duwe dosa,
mung bae dosane mau ana kang sathithik lan ana kang akeh. Dene kang bisa
nyirnakake (nyudakake) dosa iku, mung banyu suci, iya iku tekad suci lair
batin. Kang diarani banyu tekad suci iku kang êning, iya iku minangka aduse
manusa, bisa ngrêsiki lair batine. Yen wong luwih, ora ngarêp-arêp munggah
swarga, kang digoleki bisaa nikmat mulya punjula saka sapadhane, aja nganti
nêmu sangsara, bisaa duwe jênêng kang bêcik, sinêbut kang utama, bisaa nikmat
badan lan atine, mulya kaya maune, kaya nalika isih ana ing alam samar, ora
duwe susah lan prihatin. Lawang swarga iku prêlu dirêsiki, dirêngga ing tekad
kang utama, supaya aja ngrêribêdi ana ing donyane, bisaa slamêt lair batine.
Kang diarani lawang swarga lan lawang nêraka iku, pancadan kang tumuju marang
kabêgjan utawa kacilakan. Yen bêcik narik raharja, yen ala ngundhuh cilaka,
mula pangucap kang ala, mêsthi mlêbu yomani. Yen bêcik, bisa tampa ganjaran.
Darmagandhul matur maneh, nyuwun têrange, manusa ing dunya wujude mung
lanang lan wadon, dadine kok banjur warna-warna, ana Jawa, ‘Arab, Walanda lan
Cina. Dene sastrane kok uga beda-beda. Iku maune kêpriye, dalah têgêse sarta
cacahing aksarane kok uga beda-beda. Geneya kok ora nganggo aksara warna siji
bae?
Kyai Kalamwadi banjur nêrangake, yen kabeh-kabeh mau wis dadi karsane Kang
Maha Kuwasa. Mula aksarane digawe beda-beda, supaya para kawulane padha mangan
woh wit kayu Budi lan woh wit kayu Kawruh, amarga manusa diparingi wahyu
kaelingan, bisa mêthik who Kawruh lan woh Budi, pamêthike sapira sagaduke.
Gusti Allah uga iyasa sastra, nanging sastrane nglimputi ing jêro, lan manut
wujud, iya iku kang diarani sastra urip, manusa ora bisa anggayuh, sanadyan
para Auliya sarta para Nabi ênggone nggayuh iya mung sagaduke. Woh wit Kawruh
lan woh wit Budi ditandhani nganggo sipat wujud, dicorek ana ing dluwang,
nganggo mangsi supaya wong bisa wêruh, mula jênênge dalwang, têgêse mêtu
wangune, mangsi têgêse mangsit, dadi yen dalwang ditrapi mangsi, mêsthi banjur
mêtu wangune, mangsit mangan kawruh, mula jênêng kalam, amarga kawruhe anggawa
alam. Sastra warna-warna paringe kang Maha-Kuwasa, iku wajib dipangan, supaya
sugih pangrêten lan kaelingan, mung wong kang ora ngrêti sastra paringe Gusti
Allah, mêsthi ora mangêrti marang wangsit. Auliya Gong Cu kumênthus niru sastra
tulisan paringe Gusti allah, nanging panggawene ora bisa, sastrane unine
kurang, dadi pelon, para Auliya panggawene sastra dipathoki cacahe, mung aksara
Cina kang akeh bangêt cacahe, nanging unine pelo, amarga Auliya kang nganggit
kêsusu mangan woh Kawruh, ing mangka iya kudu mangan woh wit kayu Budi. Auliya
mau lali yen tinitah dadi manusa. Ewadene mêksa nganggo kuwasane Kang Maha
Kuwasa, anggayuh kang dudu wajibe, kêsusu tampa panglulu nganggit sastra kang
nganti tanpa etungan cacahe, jênênge sastra godhong. Godhonge wit Budi lan wit
Kawruh, dipêthik saka sathithik, ditata dikumpulake, banjur dianggit kanggo
sastra, mulane aksarane nganti ewon. Auliya Cina kêsiku, amarga arêp gawe
sastra urip kaya yasane Gusti Allah. Auliya Jawa ênggone mangan woh wit kayu
Budi nganti warêg, mula ênggone nganggit aksara iya dipathoki cacahe. Auliya
Arab ênggone mangan woh wit kayu Kuldi akeh bangêt. Dene ênggone nganggit
aksara iya dipathoki cacahe. Nanging yen sastra yasane Gusti Allah, dadine saka
sabda, wujude dadi dhewe, mulane unine iya cêtha, sastrane ora ana kang padha.
Darmagandhul banjur didhawuhi nimbang, mungguh anggitane para Auliya kabeh
mau kang mratandhani asor luhuring budine kang êndi?
Saka panimbange Darmagandhul, kabeh mau iya bênêr, nanging anggêr mêtu saka
budi. Dene kang gawe aksara mung sathithik, nanging wis bisa nyukupi, iku
mratandhani yen luwih pintêr tinimbang karo liya-liyane.
Kiyai Kalamwadi ngandika: “Yen manusa arêp wêruh sastrane Gusti Allah,
tulisan mau ora kêna ditonton nganggo mripat lair – kudu ditonton nganggo
mripat batin. Yen mangkono iya bisa katon, Gusti Allah iku mung sawiji, nanging
Dzate nyarambahi sakabehing wujud. Yen ndêlêng kudu nganggo ati kang bêning,
ora kêna kacampuran pikiran kang warna-warna, sarta kudu kang mêlêng ênggone
mawas, supaya ora bisa kliru karo kanyatane”.
Kiyai Kalamwadi lênggah diadhêp garwane aran Endhang Prêjiwati. Darmagandhul
sarta para cantrik iya padha marak. Kiyai Kalamwadi paring piwulang marang
garwane, dadi nêtêpi jênênge priya kudu mulang muruk marang rabine. Dene kang
diwulangake, bab kawruh kasunyatan sarta kawruh kang kanggo yen wis tumêka ing
pati, ing wong sêsomahan iku. Kang wadon diupamakake omah, sanadyan kahanane
wis sarwa bêcik. Nanging sabên dinane isih kudu dipiyara lan didandani. Saka
pangandikane Kiayi Kalamwadi, wong iku yen dipitakoni, satêmêne ragane wis bisa
mangsuli, sabab ing kono wis ana pangandikane Gusti Allah paring piwulang,
nanging ora mêtu ing lesan, mung paring sasmita kang wis ditulis ana
saranduning badan sakojur.
Pangandikane kiyai Kalamwadi: “Sarehne aku iku wong cubluk, dadi ora bisa
aweh piwulang kang endah, aku mung arêp pitakon marang ragamu, amarga ragamu
iku wis bisa sumaur dhewe”.
Banjure pangandika kiyai Kalamwadi kaya ing ngisor iki. Tanganmu kiwa iku
wis anggawa têgês dhewe, lan wis dadi piwulang kang bêcik lan nyata, kang
anuduhake yen ragamu iku wujude kiwa, mung hawa kang katon. Têmbung ki: iku
têgêse iki, wa: têgêse wêwadhah, ragamu iku di’ibaratake prau, prau dadi
‘ibarate wong wadon, wong têgêse ngêlowong, wadon têgêse mung dadi wadhah, dene
isine mung têlung prakara, iya iku: “kar-ri-cis”. Yen prau wis isi têlung
prakara iku, wong wadon wis kêcukup butuhe, dadi ora goreh atine. Dene têgêse
kar-ri-cis iku mangkene.
1. Kar, têgêse dakar, iya iku yen wong lanang wis bisa nêtêpi lanange,
mêsthi wong wadon atine marêm, wusanane dadi nêmu slamêt ênggone jêjêdhowan.
2. Ri, têgêse pari, iya iku kang minangka pangane wong wadon, yen wong
lanang wis bisa nyukupi pangane, mêsthi wong wadon bisa têntrêm ora goreh.
3. Cis, têgêse picis, utawa dhuwit, ya iku yen wong lanang wis bisa aweh
dhuwit kang nyukupi, mêsthi wong wadon bisa têntrêm, tak baleni maneh, cis
têgêse bisa goreh atine.
Kosok baline yen wong lanang ora bisa aweh momotan têlung prakara mau, wong
wadon bisa goreh atine. Tangan têngên têgêse etungên panggawemu, sabên dina
sudiya,
sanggup dadi kongkonan, wong wadon wis dadi wajibe ngrewangi kang lanang
anggone golek sandhang pangan.
Bau têgêse kanthi, gênahe wong wadon iku dadi kanthine wong lanang, tumrap
nindakake samubarang kang prêlu.
Sikut têgêse singkurên sakehing panggawe kang luput. Ugêl-ugêl têgêse
sanadyan tukar padu, nanging yen isih padha trêsnane iya ora bisa pêdhot.
Epek-epek têgêse ngêpek-ngêpek jênênge kang lanang, awit wong wadon iku yen wis
laki, jênênge banjur melu jênênge kang lanang. Iya iku kang diarani warangka
manjing curiga, warangkane wanita, curigane jênênge wong lanang.
Rajah (ing epek-epek) têgêse wong wadon iku panganggêpe marang guru-lakine
dikaya dene panganggêpe marang raja.
Driji têgêse drêjêg utawa pagêr, iya iku idêrana jiwamu nganggo pagêr
kautaman, wanita iku kudu andarbeni ambêk kang utama, dene driji kabeh mau ana
têgêse dhewe-dhewe.
Jêmpol têgêse êmpol, yen wanita dikarsakake dening priyane, iku kang gampang
gêtas rênyah kaya dene êmpoling klapa.
Driji panuduh têgêse wanita nglakonana apa sapituduhe kang priya.
Driji panunggul, têgêse wanita wajib ngunggulake marang priyane, supaya
nyupangati bêcik.
Driji manis, têgêse wanita kudu duwe pasêmon utawa polatan kang manis,
wicarane kudu kang manis lan prasaja.
Jênthik, têgêse wong wadon iku panguwasane mung sapara limane wong lanang,
mula kudu sêtya tuhu marang priyane.
Kuku têgêse ênggone rumêksa marang wadi, paribasane aja nganti kêndho
tapihe.
Mungguh pikikuhe wong jêjodhowan iku, wanita kudu sêtya marang lakine sarta
nglakoni patang prakara, iya iku: pawon, paturon, pangrêksa, apa dene kudu
nyingkiri padudon.
Wong jêjodhowan yen wis nêtêpi kaya piwulang iki, mêsthi bisa slamêt sarta
akeh têntrême.
Kiyai Kalamwadi banjur paring pangandika maneh, dene kang dipangandikakake
bab pikukuhe wong jêjodhowan. Saka pangandikane kiyai Kalamwadi, wong
jêjodhowan iku pikukuhe kudu duwe ati eling, aja nganti tumindak kang ora
bênêr. Mungguh pikukuhe wong laki-rabi iku, dudu dunya lan dudu rupa, pikukuhe
mung ati eling. Wong jêjodhowan, yen gampang luwih gampang, nanging yen angel,
angele ngluwihi. Wong jêjodhowan itu luput pisan kêna pisan, yen wis luput, ora
kêna tinambak ing rajabrana lan rupa. Wanita kudu tansah eling yen winêngku ing
priya, yen nganti ora eling, lupute banjur ngambra-ambra, amargi yen wanita
nganti cidra, iku ugi ngilangake Pangerane wong jêjodhowan, dene kang diarani
cidra iku ora mung jina bae, nanging samubarang kang ora prasaja iya diarani
cidra, mula wanita kudu prasaja lair batine, amarga yen ora mangkono bakal
nandhang dosa rong prakara, kang sapisan dosa marang kang lanang, kapindhone
dosa marang Gusti Allah, kang mangkono iku mêsthi ora bisa nêmu lêlakon kang
kapenak. Mula ati, kudu tansah eling, amarga tumindaking badan mung manut
karêping ati, awit ati iku dadi ratuning badan. Wong jêjodhowan di’ibaratake
prau kang gêdhe, lakuning prau manut satang lan kêmudhine, sanadyan satange
bênêr, yen kêmudhine salah, prau ora bêcik lakune. Wong lanang iku lakuning
satang, dene kang wadon ngêmudheni, sanadyan bêcik ênggone ngêmudheni, nanging
yen kang nyatang ora bênêr, lakune prau iya ora bisa jêjêg, sarta bisa têkan
kang disêdya, amarga kang padha nglakokake padha karêpe, dadi têgêse, wong
jêjodhowan, kudu padha karêpe, mula kudu rukun, rukun iku gawe karaharjan sarta
mahanani katêntrêman, ora ngêmungake wong jêjodhowan kang rukun bae, kang oleh
katêntrêmaning ati, sanadyan tangga têparone iya melu têntrêm, mula wong rukun
iku bêcik bangêt.
Kowe tak-pituturi, mungguh dalane kamulyan iku ana patang prakara:
(1) Mulya saka jênêng.
(2) Mulya saka bandha.
(3) Mulya saka sugih ‘ilmu.
(4) Mulya saka kawignyan.
Kang diarani mulya saka jênêng, iku wong kang utama, bisa oleh kabêgjan kang
gêdhe, nanging kabêgjane mau ora mung kanggo awake dhewe, kapenake uga kanggo
wong akeh liyane. Dene kang mulya saka ing bandha, lan mulya saka ênggone sugih
‘ilmu, lan mulya saka kapintêran, iku ana ngêndi bae, iya akeh rêgane.
Mungguh dalane kasangsaran uga ana patang prakara:
(1) Rusaking ati, manusa iku yen pikire rusak, ragane mêsthi iya melu rusak.
(2) Rusaking raga, iya iku wong lara.
(3) Rusaking jênêng, iya iku wong mlarat.
(4) Rusaking budi, iya iku wong bodho, cupêt budine, wong bodho lumrahe gampang
nêpsune.
Kang diarani tampa kanugrahing Gusti Allah, iya iku wong kang sêgêr
kawarasan sarta kacukupan, apa dene têntrêm atine.
Wong urip kang kêpengin bisaa dadi wong utama, duweya jênêng kang bêcik,
kanggo têtuladhan marang wong kang padha ditinggal ing têmbene”.
Ki Darmagandhul matur lang nyuwun ditêrangake bab anane wong ing jaman kuna
karo wong ing jaman saiki, iku satêmêne pintêr kang êndi, amarga wong akeh
panêmune warna-warna tumrape bab iku.
Pangandikane kiyai Kalamwadi: “Wong kuna lan wong saiki, iku satêmêne iya
padha pintêre, mung bae tumrape wong ing jaman kuna, akeh kang durung bisa
mujudake kapintêrane, mula katone banjur kaya dene ora pintêr. Ana dene wong
ing jaman saiki ênggone katon luwih pintêr iku amarga bisa mujudake
kapintêrane. Wong ing jaman kuna kapintêrane iya wis akeh, dene kang mujudake
iya iku wong ing jaman saiki. Saupama ora ana kapintêrane wong ing jaman kuna,
mêsthi bae tumrape wong ing jaman saiki ora ana kang kanggo têtuladhan, amarga
kahanan saiki iya akeh kang nganggo kupiya kahanan ing jaman kuna. Wong ing
jaman saiki ngowahi kahanan kang wis ana, êndi kang kurang bêcik banjur
dibêcikake. Wong ing jaman saiki ora ana kang bisa nganggit sastra, yen manusa
iku rumasa pintêr, iku têgêse ora rumasa yen kawula, mangka uripe manusa mung
sadarma nglakoni, mung sadarma nganggo raga, dene mobah mosik, wis ana kang
murba. Yen kowe arêp wêruh wong kang pintêr têmênan, dununge ana wong wadon
kang nutu sabên dina, tampahe diiseni gabah banjur diubêngake sadhela, gabah
kang ana kabur kabeh, sawise, banjur dadi beda-beda, awujud bêras mênir sarta
gabah, nuli mung kari ngupuki bae, sabanjure dipilah-pilah. Têgêse: bêras yen
arêp diolah kudu dirêsiki dhisik, miturut kaya karêpe kang arêp olah-olah. Yen
kowe bisa mangreh marang manusa, kaya dene wong wadon kang nutu mau, ênggone
nyilah-nyilahake bêras aneng tampah, kowe pancen wong linuwih, nanging kang
mangkono mau dudu kawadjibanmu, awit iku dadi kawajibane para Raja, kang misesa
marang kawulane. Dene kowe, mung wajib mangrêti tataning praja supaya uripmu
aja kongsi dikul dening sapadhaning manusa, uripmu dadi bisa slamêt, kowe bakal
dadi têtuwa, kêna kanggo pitakonan tumraping para mudha bab pratikêle wong
ngawula ing praja. Mula wêlingku marang kowe, kowe aja pisan- pisan ngaku
pintêr, amarga kang mangkono mau dudu wajibing manusa, yen ngrumasani pintêr,
mundhak kêsiku marang Kang Maha Kuwasa, kaelokane Gusti Allah, ora kêna ginayuh
ing manusa, ngrumasanana yen wong urip iku mung sadarma, ana wong pintêr isih
kalah pintêr karo wong pintêr liyane, utawa uga ana wong pintêr bisa kasoran
karo wong kompra, bodho pintêring manusa iku saka karsane Kang Maha Kuwasa,
manusa anduweni apa, bisane apa, mung digadhuhi sadhela dening Kang Maha
Kuwasa, yen wis dipundhut, kabeh mau bisa ilang sanalika, saka kalangkungane
Gusti Allah, yen kabeh mau kapundhut banjur diparingake marang wong kompra,
wong kompra banjur duwe kaluwihan kang ngungkuli kaluwihane wong pintêr. Mula
wêlingku marang kowe, ngupayaa kawruh kang nyata, iya iku kawruh kang gandheng
karo kamuksan”.
Ki Darmagandhul banjur matur maneh, nyuwun têrange bab tilase kraton
Kêdhiri, iya iku kratone Sang Prabu Jayabaya. Kiyai Kalamwadi ngandika: “Sang
Prabu Jayabaya ora jumênêng ana ing Kêdhiri, dene kratone ana ing Daha,
kaprênah sawetane kali Brantas. Dene yen Kêdhiri prênahe ana sakuloning kali
Brantas lan sawetaning gunung Wilis, ana ing desa Klotok, ing kono iku ana bata
putih, iya iku patilasane Sri Pujaningrat. Dene yen patilasane Sri Jayabaya ika
ana ing daha, saikine jênênge desa Mênang, patilasane kadhaton wis ora katon,
amarga kurugan ing lêmah lahar saka gunung Kêlut, patilasan-patilasan mau wis
ilang kabeh, pasanggrahan Wanacatur lan taman Bagendhawati uga wis sirna, dene
pasanggrahan Sabda, kadhatone Ratu Pagêdhongan uga wis sirna. Kang isih mung
rêca yasane Sri Jayabaya, iya iku candhi Prudhung, Têgalwangi, prênahe ing
sa-lor-wetane desa Mênang, lan rêca buta wadon, iya iku rêca kang diputung
tangane dening Sunan Benang nalika lêlana mênyang Kêdhiri, rêca mau lungguhe
madhêp mangulon, ana maneh rêca jaran awak siji êndhase loro, panggonane ana
ing desa Bogêm, wêwêngkon dhistrik Sukarêja, mula Sri Jayabaya yasa rêca,
mangkene caritane, (kaya kang kapratelakake ing ngisor ini)”.
Ing Lodhaya ana buta wadon ngunggah-unggahi Sang Prabu Jayabaya, nanging
durung nganti katur ing ngarsa Prabu, buta wadon wis dirampog dening wadya
cilik-cilik, buta wadon banjur ambruk, nanging durung mati, barêng ditakoni,
lagi waleh yen sumêdya ngunggah-unggahi Sang Prabu. Sang Prabu banjur mriksani
putri buta mau, barêng didangu iya matur kang dadi sêdyane. Sang Prabu banjur
paring pangandika mangkene: “Buta! andadekna sumurupmu, karsaning Dewa Kang
Linuwih, aku iku dudu jodhomu, kowe dak-tuturi, besuk sapungkurku, kulon kene
bakal ana Ratu, nagarane ing Prambanan, iku kang pinasthi dadi jodhomu, nanging
kowe aja wujud mangkono, wujuda manusa, aran Rara Jonggrang”.
Sawise dipangandikani mangkono, putri buta banjur mati. Sang Prabu banjur
paring pangandika marang para wadya, supaya desa ing ngêndi papan matine putri
buta mau dijênêngake desa Gumuruh. (11) Ora antara suwe Sri Jayabaya banjur
jasa rêca ana ing desa Bogêm. Rêca mau wujud jaran lagaran awak siji êndhase
loro, kiwa têngên dilareni. Patihe Sang Prabu kang aran Buta Locaya sarta
Senapatine kang aran Tunggulwulung padha matur marang sang Prabu, kang surasane
nyuwun mitêrang kang dadi karsa-Nata, ênggone Sang Prabu yasa rêca mangkono
mau, apa mungguh kang dadi karsane. Sang Prabu banjur paring pangandika, yen
ênggone yasa rêca kang mangkono itu prêlu kanggo pasêmon ing besuk, sapa kang
wêruh marang wujude rêca iku mêsthi banjur padha mangrêti kang dadi tekade wong
wadon ing jaman besuk, yen wis jaman Nusa Srênggi. Bogêm têgêse wadhah bangsa
rêtna-rêtna kang adi, têgêse wanita iku bangsa wadhah kang winadi. Laren (12)
kang ngubêngi jaran têgêse iya sêngkêran. Dene jaran sêngkêran iya iku
ngibaratake wong wadon kang disêngkêr. Sirah loro iku dadi pasêmone wong wadon
ing jaman besuk, kang akeh padha mangro tingal, sanadyan ora kurang ing
panjagane, iya bisa cidra, lagaran, iku têgêse tunggangan kang tanpa piranti.
Ing jaman besuk, kang kêlumrah wong arêp laki-rabi, ora nganggo idine wong
tuwane, margane saka lagaran dhisik, yen wis mathuk pikire, iya sida diêpek
rabi, nanging yen ora cocog, iya ora sida laki-rabi.
Sang Prabu ênggone yasa candhi, prêlu kanggo nyêdhiyani yen ana wadyabala
kang mati banjur diobong ana ing kono, supaya bisa sirna mulih marang alam
sêpi. Yen pinuju ngobong mayit, Sang Prabu uga karsa rawuh ngurmati.
Kang mangkono iku wis dadi adate para raja ing jaman kuna. Mula kang dadi
panyuwunku marang Dewa, muga Sang Prabu karsa yasa candhi kanggo pangobongan
mayit, kaya adate Raja ing jaman kuna, amarga aku iki anak dhalang, aja
suwe-suwe kaya mêmêdi, duwe rupa tanpa nyawa, bisaa mulih marang asale.
Samuksane Sang Prabu Jayabaya, Patih Buta Locaya sarta Senapati
Tunggulwulung, apa dene putrane Sang Prabu kang kêkasih Ni Mas Ratu
Pagêdhongan, kabeh banjur padha andherek muksa.
Buta Locaya banjur dadi ratuning dhêdhêmit ing Kêdhiri. Tunggulwulung ana
ing gunung Kêlut, dene Ni Mas Ratu Pagêdhongan banjur dadi ratuning dhêdhêmit
ana ing sagara kidul, asmane ratu Anginangin.
Ana kêkasihe Sang Prabu Jayabaya, jênênge Kramatruna, nalika Sri Jayabaya
durung muksa, Kramatruna didhawuhi ana ing sêndhang Kalasan. Sawise têlung atus
taun, putrane Ratu ing Prambanan, kêkasih Lêmumbardadu iya Sang Pujaningrat,
jumênêng Nata ana ing Kêdhiri, kadhatone ana sakuloning bangawan (3), kêdhi
têgêse wong wadon kang ora anggarap sari, dene dhiri iku têgêse anggêp, kang
paring jênêng iku Rêtna Dewi Kilisuci, dicocogake karo adate Sang Rêtna
piyambak, amarga Sang Rêtna Dewi Kilisuci iku wadat, sarta ora anggarap sari.
Dewi Kilisuci nyawabi nagarane, aja akeh gêtihe wong kang mêtu. Mula Kêdhiri iku
diarani nagara wadon, yen nglurug pêrang akeh mênange, nanging yen dilurugi
apês. Kang kêlumrah pambêkane wanita ing Kêdhiri iku gêdhe atine, amarga
kasawaban pambêkane Sang Rêtna Dewi Kilisuci. Dene Rêtna Dewi Kilisuci iku
sadhereke sêpuh Nata ing Jênggala. Sang Rêtna mau tapa ana ing guwa
Selamangleng, sukune gunung Wilis.
WUWUHAN KATÊRANGAN.
Kanjeng Susuhunan Ampeldênta pêputra ratu Fatimah, patutan saka Nyai Agêng
Bela. Ratu Fatimah krama oleh pangeran Ibrahim, ing Karang Kumuning Satilare
Pangeran Karang Kumuning. Ratu Fatimah banjur tapa ana ing manyura, karo
Pangeran Ibrahim Ratu Fatimah pêputra putri nama Nyai Agêng Malaka, katêmokake
Raden Patah.
Raden Patah (Raden Praba), putrane Prabu Brawijaya patutan saka putri Cêmpa
kang katarimakake marang Arya Damar Adipati ing Palembang, barêng Raden Patah
wis jumênêng Nata, jêjuluk Sultan Syah ‘Alam Akbar Siru’llah Kalifatu’lRasul
Amiri’lMu’minin Rajudi’l’Abdu’l Hamid Kak, iya Sultan Adi Surya ‘Alam ing
Bintara (Dêmak).
Putri Cêmpa nama Aranawanti (Ratu Êmas) kagarwa Prabu Brawijaya, pêputra
têlu:
[1] Putri nama Rêtna Pambayun, katrimakake marang Adipati Andayaningrat ing
Pêngging, nalika jaman pambalelane nagara Bali marang Majapahit.
[2] Raden Arya Lêmbupêtêng Adipati ing Madura.
[3] Isih timur rêmên marang laku tapa, nama Raden Gugur, barêng muksa kasêbut
nama Sunan Lawu.
Panênggak Putri Cêmpa nama Pismanhawanti kagarwa putrane Jumadi’l Kubra I,
patutan saka ibu Sitti Fatimah Kamarumi, isih têdhake Kangjêng Nabi Mukammad,
asma Maulana Ibrahim, dêdalêm ana ing Jeddah, banjur pindhah ing Cêmpa, dadi
Imam ana ing Asmara tanah ing Cêmpa, banjur kasêbut nama Maulana Ibrahim
Asmara, iku kang pêputra Susuhunan Ampeldênta Surabaya. Dene putra Cêmpa kang
waruju kakung, nama Awastidab, wus manjing Islam, nyakabat marang maulana
Ibrahim, jumênêng Raja Pandhita ing Cêmpa anggênteni ingkang rama, pêputra siji
kakung kêkasih Raden Rachmat. Kang ibu putri Cêmpa (garwa Maulana Ibrahim),
pêputra Sayid ‘Ali
Rachmat, ngêjawa nama Susuhunan Katib ing Surabaya, dêdalêm ing Ampeldênta,
kasêbut Susuhunan Ampeldênta. Cêmpa iku kutha karajan ing India buri (Indo
china).
Sayid Kramat kang kasêbut ing buku iki pêparabe Susuhunan ing Bonang (Sunan
Benang).